9
BAB II GEGARAN TEORI
A. Kabudayan
Tembung kabudayan menika kapendhet saking basa Sanskerta buddhayah. Tembung buddhayah menika saking wujud jamak buddhi ingkang gadhah teges
„budi utawi akal‟, mila kabudayan saged dipunwastani perangan perangan ingkang gadhah gegayutan kaliyan akal Koentjaningrat, 2009: 146. Miturut
Rahyono 2009: 15 ingkang dipunwastani kabudayan inggih menika piranti kangge pemersatu kelompok wonten ing proses komunikasi saha interaksi
antawisipun anggota masyarakat kabudayan. Miturut ilmu antropologi lumantar Koentjaraningrat, 2009: 144 ngandharaken bilih kabudayan inggih menika
sedaya sistem gagasan, tumindak saha asiling karya manungsa wonten ing pagesanganipun. Andharan wonten ing nginggil jumbuh kaliyan pamanggihipun
Roqib 2007: 36 ingkang ngandharaken bilih kabudayan inggih menika asiling cipta, rasa, karsa manungsa wonten ing komunitasipun saperlu adaptasi individu
saha kelompok supados survive saha gadhah kualitas ingkang sae jumbuh kaliyan pandangan hidup saha wawasanipun. Saking maneka warni pamanggih
ing nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih kabudayan inggih menika sedaya gagasan saha asil karyanipun manungsa ingkang nginakaken akal saha
saged dipunginakaken kangge piranti ngempalaken kelompok wonten ing proses komunikasi saha interaksi antawisipun anggota masyarakat kabudayan.
10 Miturut pamanggihipun Moertjipto 1996 1997: 64-65 kabudayan menika
wosipun pola-pola, cita-cita, nilai-nilai, saha kapitadosan, mila kabudayan menika dados pandomipun manungsa kangge menggalih, tumindak saha ngripta
satunggaling karya wonten pagesanganipun. Kabudayan menika gadhah sipat lentur utawi luwes. Sipat menika ingkang dados dhasar wontenipun perubahan
sae menika cepet menapa dene boten. Woten ing kabudayan menika wonten wujud-wujudipun ingkang kedah
dipungatosaken. Miturut JJ Honingman wonten ing buku antropologinipun ingkang anggadhahi irah-irahan The World of Man lumantar Koentjaraningrat,
2009: 150, mbedakaken wujud kabudayan antawisipun 1 ideas, 2 activities, saha 3 artifacts. Koentjaraningrat 2009: 150 ugi damel perangan-perangan
wujud kabudayaan, antawisipun inggih menika : a.
Wujud kabudayan minangka satunggaling kompleks saking ide, gagasan, nilai, norma, peraturan, lan sapanunggalanipun.
b. Wujud kabudayaan minangka satunggaling kompleks aktivitas saha
tindakan ingkang anggadhahi pola saking manungsa wonten ing satunggaling masyarakat.
c. Wujud kabudayan minangka asil karya manungsa.
Wujud ingkang angka setunggal inggih menika wujud ide saking kabudayaan. Sipatipun abstrak saha boten saged dipunfoto. Wujud angka kalih
saking kabudayan asring dipunsebat sistem sosial ngenani satunggaling tumindakipun manungsa. Sistem sosial arupi aktivitas-aktivitas manungsa
ingkang berinteraksi, berhubungan saha bergaul antawisipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun ingkang ndherek satunggaling pola saha adhedhasar adat.
Wujud angka tiga dipunsebat kabudayan fisik. Wujud kabudayan menika
11 sipatipun konkret, amargi kagolong saking asiling aktivitas saha karyanipun
manungsa wonten ing masyarakat. Saking wujud-wujudipun kabudayan ing nginggil boten pisah antawisipun setunggal kaliyan sanesipun. kabudayan ide
saha adat istiadat ngatur tumindakipun manungsa sae menika awujud pikiran, ide saha asiling karya manungsa ingkang ngasilaken wujud kabudayan fisik.
Kabudayan fisik menika ndamel satunggaling lingkungan ingkang dangu-dangu nebihaken manungsa saking lingkungan alamiahipun saengga paring
pangaribawa dhumateng tumindakipun saha pola pikiripun. Wonten ing kabudayan menika wonten satunggaling unsur-unsur ingkang
mangaribawani. Koentjaningrat 2009: 164, nggolongaken unsur-unsur kabudayan menika dados 7 golongan. Unsur-unsur kabudayan antawisipun
inggih menika : 1.
basa; 2.
system pengetahuan; 3.
organisasi sosial; 4.
sistem praboting gesang saha teknologi; 5.
sistem mata pencaharian hidup; 6.
sistem religi; 7.
kesenian. Kabudayan menika gadhah sipat utawi karakteristik. Miturut Brata 2007:
9 sipat utawi karakteristik budaya menika wonten enem, antawisipun inggih menika:
1. abstrak;
2. menuntun dan mengarahkan manusia;
3. dimiliki oleh manusia;
4. dimiliki oleh masyarakat;
5. diwariskan;
6. berubah.