Ikrar Lampahing Upacara Labuhan Ageng

96 Sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos knthi pangajab mugi-mugi panggayuh panjenengan saged kasembadan lumantar kawula ingkang badhe ngikraraken menapa ingkang dados sedyanipun panjenengan sedaya. Sumangga ngeningaken penggalih konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos nun inggih Allah SWT kula badhe ngikraraken. Para sesepuh, pinisepuh lan para rawuh sedayanipun sampun kawekan dhumateng panjenengan sami, ing kalenggahan punika warga masyarakat Paranggupito ngewehaken sesaji, dene sesaji kala wau inggih namung sarana menika, menapa ingkang dados panyuwunanipun sageda kasembadan. Dene ingkang angka sepisan, sesaji kala wau minangka obyeking raos sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos, dene ingkang sampun paring kanugrahan ingkang sampun kaparingaken dhumateng para warga masyarakat Paranggupito. Kanthi panyuwunan mugi-mugi gusti ingkang maha kuwaos taksih kepareng paring warawegra dhumateng warga masyarakat Paranggupito. Ingkang angka kalih, sesaji kala wau minangka sarana mangayubagya warsa enggal 1 Muharam 1435H dene mekaten, warga masyarakat parang tansah pikantuk pangayoman saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos, kalis ing rubeda lir ing sambikala, jumbuh ingkang sampun ginayuh, sembada ingkang dipunsedya, ingkang saklajengipun gesang ayem, tentrem bagya mulya mugi tansah kasandhing warga masyarakat Paranggupito. Para pinisepih, para aji sepuh ingkang kawula hurmati, saksampunipun larungan ageng, murih kasembadan sedya menika konjuk dhumateng panjenenganipun bapa Sutikja keparenga paring donga sakcekapipun. Ing wasana wekdal kawula sumanggakaken. Gambar 26: Atur ikrar dening bapak Sucipto doc. Feby 97 Wosipun ikraripun bapak Sucipta inggih menika dipunandharaken bilih sesaji ingkang sampun dipundamel menika minangka sarana raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit sampun paring kanugrahan dhumateng warga masyarakat Paranggupito.

c. Donga

Paraga ingkang kajibah maosaken donga inggih menika bapak Sutikja, M.Ag minangka Kepala Kantor Departemen Agama Kecamatan Paranggupito. Donga ingkang dipunlampahi menika gadhah ancas supados adicara Labuhan menika lancar dumugi pungkasanipun adicara saha supados menapa ingkang dados panyuwunanipun warga Paranggupita menika saged kasembadan. Donga ingkang dipunwaosaken dening bapak Sutikja inggih menika donga Tahlil saha donga Selamat. Andharan ing nginggil jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 ing ngandhap menika. “intine ndedonga kuwi njaluk pitulungan dhumateng Gusti Allah supaya acara labuhan iki gangsar tekan paripurna. Donga sing diwaoske bapak Sutikja wingi donga tahlil karo donga selamat.” CLW 01 Andharan ing nginggil jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 ing ngandhap menika. “sing mimpin donga kuwi pak Sutikja saka KUA Paranggupito, isine ndedonga supaya acarane lancer tekan rampung.” CLW 04 Donga ingkang dipunwaosaken bapak Sutikja saged dipunandharaken wonten ing ngandhap menika. Donga tahlil A‟uudzubillahi minasy syaithaanir rajiim. Bismillahirrahmanirrahim. 98 Alhamdulillahirabbil „alamiin. Hamdasy syaakiriina, hamdan naa‟imiin, hamdaay yuwaafii ni‟amahuu wayukaafiu maziidah. Yaa rabbana lakalhamdu kamaa yanbaghii li jalaali wajhika wa‟adhiimi sulthaanik. Allahumma shalli „alaa sayyidinaa muhammadiwa‟alaa aali sayyidina Muhammad Allahumma taqabbal wa aushil tsawaaba maa qaraa naahu minal quraanil „adhiim, Wamaa halalnaa, wamaa sabbahnaa, sayyidina muhammadin shallallahu „alaihi wasallam Hadiyyatan washilatan warahmatan naazilatan wabarakatan syamiilatan ilaahadlaraati habiibina Wa syafii‟inaa wa qurrati „ayuniinaa sayyidina wamaulanaa muhammadin shallallahu „alaihi wasallam Wa illa jami‟I ikhwanihii minal anbiyaa‟I wasy syuhadaa‟I wash shalihiina wash shahabaati Wat tabi‟iina mukhlisiina wajamii‟il mujahidiina fii muqarrabiina, Tsumma ilaa arwaahi jamii‟I ahlilqubuuri minal muslimiina wal muslimaati, Wal muuminiina wal muuminaati, Min masyariqii ardli wa maghaaribihaa barrihaa, Khushushan ilaa aabaainaa waummahaatinaa wa ajdaadinaa wa jaddaatina Wana khushshu khushushan ilaa manij tama‟naa haa hunaa biababihii waliajlih, Allaahummagh firlahum, warhamhum, wa‟aafihim wa‟fu‟anhum, Allahumma anzilirrahmata wal maghfirata „alaa ahlil qubuuri min ahli laa ilaaha illallahu muhammadurrasulullah, rabbanaa arinaal haqqa haqqawarzuqnaj tinaabah. Rabbana aatiina fiddunya hasanatawwa fil aakhirati hasanatawwaqinaa „adzabannaar. Subhaana rabbika rabbil „izzati „amma yashifuuna wasalamun „alal mursaliina, Walhamdulillahirobbil‟alamiin. Donga selamat Allaahumma inaa nasaluka salaamatan fiddiini wa „aafiyatan fil jasadi, waziyadatan fil‟ilmi Wabarokatan firrizqi wataubatan qablal maut, warrahmatan „indalmaut, wamaghfiratan ba‟dal maut, Allahumma hawwin „alainaa fii sakaraatil mauti wannajaata minannaari, Wal‟afwa indalhisaab. Rabbanaa laa tuzigh quluubanaa ba‟daa idzhadaitanaa wahablanaa milladunka Rahmatan innaka antal wahhab, Rabbana aatiina fiddunya hasanatawwa fil aakhirati hasanatawwaqinaa „adzabannaar. 99 Gambar 27: Donga dening bapak Sutikja doc. Feby

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1