Pirantosing Panaliten CARA PANALITEN

34

G. Caranipun Ngesahaken Data

Caranipun ngesahaken data wonten ing panaliten menika dipunginakaken cara triangulasi. Triangulasi dipunlampahi supados panaliten menika valid. Triangulasi inggih menika cara ingkang dipunginakaken kangge mriksa data ingkang ngginakaken satunggaling prekawis wonten ing njawi data kangge mbandingaken data ingkang sampun dipunpanggihi Moleong, 2002: 178. Supados manggihi data ingkang langkung valid saha trep antawisipun setunggal kaliyan sanesipun, dipunlampahi triangulasi saking data wawan pirembagan, data observasi saha data dokumentasi ingkang arupi rekaman saha foto utawi gambar. Triangulasi ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika triangulasi sumber saha triangulasi metode. Triangulasi sumber dipunlampahi mawi nyuwun andharan kanthi cetha saking informan babagan informasi ingkang sampun kaparingaken supados saged mangertosi kanthi tumemen babagan satunggaling informasi. Kalajengaken informasi saking informan dipuncocokaken kaliyan informasi saking informan sanes. Kejawi ngginakaken triangulasi sumber, kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika ugi ngginakaken triangulasi metode. Triangulasi metode menika dipunlampahi kanthi cara nandhingaken data asiling panaliten kaliyan data asiling wawan pirembagan saha data ingkang awujud foto. 35

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Deskripsi Setting Panaliten

1. Andharan Papan Upacara Labuhan Ageng

Adhedhasar data monografi Desa Paranggupito taun 2013, seganten Sembukan menika dumunung wonten ing Dhusun Kranding, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito. seganten Sembukan menika dumunung wonten ing sisih Kidul, udakawis 4,3 kilometer saking Kantor Desa Paranggupito. Saking protigan ngajeng Kantor Desa Paranggupito ingkang ngilen menika arah tumuju dhateng Provinsi Dhaerah Istimewa Yogyakarta, ingkang ngaler menika tumuju dhateng Kabupaten Wonogiri, wondene ingkang arah Kidul Wetan tumuju wonten ing seganten Sembukan. Arah Kidul Wetan saking Kantor Desa Paranggupito, udakawis 0,02 kilometer wonten protigan malih. Ingkang arah ngetan menika arah tumuju dhateng Pantai Nampu, wondene arah ngidul menika dhateng seganten Sembukan. Wonten kiwa mergi caket kaliyan protigan menika wonten Kantor Kecamatan Paranggupito saha Puskesmas Paranggupito. Seganten Sembukan menika saking Kecamatan Paranggupito menika udakawis 4 kilometer. Wonten ing seganten Sembukan menika dipunwontenaken upacara tradhisi ingkang dipunwastani upacara labuhan ageng. Upacara tradhisi menika taksih rutin dipunwontenaken saben malem surya kaping setunggal Sura. Ing ngandhap menika denah papan panggenan upacara labuhan ageng.

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1