Sês Sesaji Dhalang

124 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pamanggihipun Jandra 1989- 1990: 156 ingkang ngandharaken bilih pisang raja menika nglambangaken kamulyaanipun raja. Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih pisang raja ingkang dipunginakakaken wonten ing sesaji dhalang menika gadhah pralambang ingkang nedahaken lampahan ringgit ingkang badhe dipunbabar menika babagan kerajaan, saged dipunmangertosi bilih raja menika dipunmulyakaken.

d. Uwos

Uwos menika satunggaling sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing sesaji dhalang. Uwos menika gadhah pralambang supados lampahan ringgit menika dipunpendhet uwos utawi isinipun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “beras kuwi dari kata uwos, jadi supaya pertunjukan tersebut diambil maknanya, uwose atau intine.” CLW 05 “beras kuwi saka tembung uwos, dadi supaya pertunjukan kuwi dijupuk maknane, uwose utawa intine.” CLW 05.” Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung patelanipun informan 07 ing ngandhap menika. “uwos niku pralambang supaya dijupuk uwose ngaten.” CLW 07

e. Pupur

Pupur menika satunggaling wujud sesaji dhalang. Pupur ingkang dipunginakaken wonten ing sesaji dhalang inggih menika pupur viva ingkang mawi plastik, amargi miturut kapitadosanipun warga Paranggupito, leluhur 125 menika remenipun ngginakaken pupur viva menika. andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 ing ngandhap menika. “pupure kuwi kudu nganggo pupur viva sing plastikan, amarga menurut kepercayaan leluhur kuwi senengane nganggo pupur kuwi.” CLW 01 Pupur menika ugi gadhah satunggaling pralambang. Pupur ingkang gandanipun wangi menika gadhah pralambang saha pangajab supados pahargyan ingkang dipunlampahi menika ngasilaken paedah ingkang sae kados dene gandanipun pupur ingkang wangi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “pupur niku supaya membuat aroma yang baik, dadi dimaksudkan agar pertunjukan tersebut membuat aroma yang harum atau baik.” CLW 05 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 07 ing ngandhap menika. “pupur niku namung nglambangke sarana wewangen ngaten.” CLW 07

f. Teh

Teh menika satunggaling sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing sesaji dhalang. Teh ingkang dipunginakaken inggih menika teh cemeng, amargi miturut kapitadosanipun warga Paranggupito, leluhur menika remenipun ngunjuk teh cemeng. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 ing ngandhap menika. “yen teh kuwi, masyarakat kene iseh percaya yen leluhur kuwi seneng ngombe wedang teh ireng mula dikeki sesajen teh.” CLW 01 Teh menika ugi gadhah satunggaling pralambang. Pralambangipun inggih menika supados tiyang menika teteh anggenipun ngendika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 ing ngandhap menika.

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1