Atur pambagyaharja Lampahing Upacara Labuhan Ageng

88 pangertosan, andhaping pawiyartan kula boten saged matur karana basa miwah sastra ingkang sae miwah runtut, ingkang menika atas nama pribadi kula namung nyuwun gunging pangapunten ingkang tanpa upami. Ing wasana, mugi sakkecakna lenggah kanthi santri rahayu ingkang sami pinanggih rahayu ngantos paripurnaning pahargyan mangke. Semanten, wabillahitaufik wal hidayah wasalamualaikum. Wr. Wb Gambar 22: Pambagyaharja saking bapak Sukatno doc. Feby Wosing atur pambagyaharja saking bapak Sukatno, S.Pd inggih menika ngaturaken bilih upacara labuhan ageng menika sampun dipunwontenaken saking jaman kina saha dumugi sakmenika taksih dipunlestantunaken dening warga masyarakat Paranggupito.

c. Kirab

Saksampunipun pambagyaharja dipunlajengaken adicara kirab ingkang dipunpandhegani dening subamanggala. Ingkang kadhapuk minangka subamanggala inggih menika bapak Sriyana,MM. Lampahipun bapak Sriyana,MM menika dipundherekakaen dening bapak H. Tarno minangka Kepala Desa Sambiharjo saha bapak Drs. Marjono minangka Kepala SMP 13 Paranggupito. Adicara kirab menika dipunlampahi saking gapura seganten 89 Sembukan dumugi sakngajengipun pendhopo seganten Sembukan. Andharan ing nginggil jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 ing ngandhap menika. “saka gapura Sembukan tekan ngarep pendhopo, bar kuwi pasrah tampi sesaji.” CLW 04 Gambar 23: Kirab doc. Feby Sakwingkingipun para pengapit inggih menika jodhang sesaji labuh ingkang dipunbeta dening bapak Sugeng, bapak Tumino, bapak Sutopo, saha bapak Purwadi. Wonten ing wingkingipun bapak-bapak ingkang mbeta jodhang sesaji ingkang dipunlabuh menika dipundherekaken bapak bapak ingkang mbeta jodhang gunungan. Bapak-bapak ingkang mbeta jodhang sesaji gunungan inggih menika bapak Sardi, bapak Wakino, bapak Sukatman, saha Bapak Suroyo. Sakwingkingipun jodhang gunungan inggih menika para putri ingkang mbeta kutug. Putri menika dipunpendhet saking para siswi SMA Paranggupito ingkang cacahipun sedasa. Lampahipun kirab menika ugi dipundherekakaen dening pangombyong saking manekawarni paguyuban, antawisipun inggih menika : 1 Sedaya Kepala Desa wonten ing Kecamatan Paranggupito sarimbit 2 Dinas Instansi a SMA : 5 tiyang 90 b SMP : saben SMP dipunpendhet 5 tiyang c UPT : 35 tiyang d Puskesmas : 3 tiyang e KUA : 3 tiyang f Kecamatan : 7 tiyang g Desa Paranggupito : saben RT dipunpendhet 10 tiyang 3 LPKK Paranggupito 4 Saben setunggal Desa ing Kecamatan Paranggupito dipunpendhet sedasa tiyang

d. Pasrah saha tampi sesaji

Saksampunipun lampahan kirab saking gerbang ngajeng seganten Sembukan, rombongan kirab menika jumeneng ing ngajeng pendhopo seganten Sembukan ingkang sampun dipuntengga dening rombongan ingkang badhe narima sesaji. Saksampunipun sedaya paraga kirab sampun jumeneng, bapak Sriyono minangka subamanggala menika masrahaken ubarampe sesaji ingkang sampun dipunbeta kirab. Sesaji ingkang dipunpasrahaken inggih menika arupi gunungan, sesaji ingkang dipunlabuh arupi tumpeng wuduk, ingkung, sirah, suku saha buntut sapi saha kutug. 1 Pasrah Sesaji Adicara pasrah menika wosipun inggih menika masrahaken sesaji ingkang sampun dipunkirabaken supados dipunlabuh dening paraga ingkang kajibah nglabuh. Paraga ingkang kajibah masrahaken sesaji labuhan inggih menika bapak Sriyono, wondene paraga ingkang kajibah nglabuh inggih menika bapak Suprihono minangka juru kunci seganten Sembukan. Sesaji ingkang

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1