Sandhangan Trasliterasi såhå Suntingan Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå

64 dipunsêrat katrêsnan tu... 3 Péngkal -------- gantosipun panjing yå, tuladhanipun: dipunsêrat kadibyan ka... dipunsêrat nêdyå

5. Ejaan

a Aksårå Swårå 1 Aksårå lêgênå jêjêg å ingkang wandå wêkasanipun mêngå botên sigêg dipunsêrat dados å, déné manawi aksårå lêgênå miring a dipunsêrat têtêp a. Tuladhanipun: a. Aksårå lêgênå jêjêg å dipunsêrat jêndhélå dipunsêrat utåwå dipunsêrat dåyå b. Aksårå lêgênå miring a dipunsêrat layang 65 dipunsêrat samubarang 2 Aksårå hå manawi swantênipun ampang, inggih namung kasêrat a, i, u, é, ê, o, tuladhanipun: håpåhåpå dipunsêrat dados åpå-åpå hiku dipunsêrat dados iku hing tahun dipunsêrat dados ing taun 3 Aksårå o ingkang éwah dados aksårå å Tuladhanipun: samongså dipunsêrat dados samångså huripongkå dipunsêrat dados urip ångkå 4 Aksårå swårå e saking sandhangan pêpêt dipunsêrat dados ê, déné aksårå swårå e saking sandhangan taling dipunsêrat dados é utawi è Tuladhanipun: 66 a. Sandhangan pêpêt -------- dipunsêrat kênå dipunsêrat jênêngé b. Sandhangan taling 1 Taling = é dipunsêrat déné dipunsêrat dhéwé 2 Taling = è dipunsêrat ngèlmu dipunsêrat sakèhing b Aksårå Konsonan Panyêrating aksårå konsonan ingkang langkung saking satunggal aksårå konsonan -ipun, aksårå konsonan dipunsêrat satunggal aksårå konsonan kémawon. Panyêrating aksårå konsonan kasêbut sagêd dipupirsani wontên ngandhap mênikå. Tuladhanipun: 67 sêmunné dipunsêrat dados sêmuné ngatullaké dipunsêrat dados ngatulaké hisinné dipunsêrat dados isiné c Panyêrating Têmbung Rangkêp Têmbung rangkêp inggih mênikå têmbung ingkang dipunucapakên ambal kaping kalih. Têmbung rangkêp ingkang kapanggihakên ing panalitèn mênikå wontên kalih warni, inggih mênikå têmbung dwilinggå såhå têmbung dwipurwå. 1. Têmbung dwilinggå Panyêrating têmbung dwilinggå dipuntambahi tåndhå panggandhêng -. Tåndhå panggandhèng mênikå kaginakakên supados tåtå panyêrating têmbung dwilinggå jumbuh kaliyan pandom ingkang gumathok tåtå panyêrating aksårå Latin. Tuladhanipun: sêgêrsêgêr dipunsêrat dados sêgêr-sêgêr riyuriyu dipunsêrat dados riyu-riyu håpåhåpå dipunsêrat dados åpå-åpå 68 2. Têmbung dwipurwå Tuladhanipun: dipunsêrat gêgodhongan dipunsêrat lêlårå dipunsêrat bêbukå d Tåndhå Pamaos 1 Tåndhå pådå lingså Wontên ing teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå tåndhå pådå lingså ing satêngahipun ukårå dipunginakakên kanggé nggantos tåndhå koma minångkå pamisahing ukårå. Wondéné tåndhå pådå lingså ingkang dipunsêrat ing sawingkingipun tåndhå pangkon, minångkå gantosipun tåndhå titik. Wontên ing transliterasi mênikå tåndhå pådå lingså kémawon dipunsêrat mawi tåndhå koma , , déné tåndhå pådå lingså ingkang dipunsêrat ing sawingkingipun tåndhå pangkon dipunsêrat mawi tåndhå titik . . Tuladhanipun sagêd dipunwaos wontên ngandhap mênikå. a. Tåndhå pådå lingså dipunsêrat tanpå sarånå åpå-åpå,