13
BAB II GÊGARAN
TEORI A.
Teori ingkang Jumbuh
Teori dipunbêtahakên kanggé nindakakên satunggaling panalitèn, inggih
mênikå kanggé dhasar lampahing panalitèn ingkang badhé katindakakên. Teori ingkang gayut, ingkang dipunbêtahakên wontên ing panalitèn mênikå, inggih
mênikå teori bab lampahing panalitèn filologi. Teori sanès ingkang dipunginakakên inggih mênikå teori kanggé naliti isining teks piwulang. Piwulang
wontên panalitèn mênikå gayut kaliyan piwulang lampahing gêsang, mliginipun ingkang magêpokan kaliyan caranipun anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå.
B. Filologi
1. Pangêrtosan Filologi
Filologi asalipun saking båså Yunani philos kaliyan logos. Philos atêgês
‘trêsna’ såhå têmbung logos têgêsipun ‘têmbung’. Adhêdhasar katrangan mênikå, têmbung filologi mênikå atêgês trêsna dhatêng têtêmbungan Baroroh-Baried,
1985: 1. Pangêrtosan filologi wontên Kamus Istilah Filologi Tim Penyusun, 1977:
27, inggih mênikå ngèlmu ingkang nyinaoni bab ingkang gayut kaliyan rohani satunggaling bångså såhå pamijènipun, utawi ingkang nyinaoni kabudayan
adhêdhasar båså såhå bab ingkang gayut kaliyan sastranipun. Wondéné miturut Baroroh-Baried 1985: 1, filologi dipuntêgêsi salah satunggaling sêsêrêpan
ingkang ngêwrat mapintên-pintên pangêrtosan gayut kalian bab sasta, ugi gayut
14 kaliyan bab ngèlmu båså, kasusastran, såhå kabudayan.
Wondéné Mulyani 2009: 1 ngandharakên bilih filologi minångkå salah satunggaling ngèlmu ingkang gayut kaliyan studi tumraping asiling budåyå
asiling pemikiran, perasaan, kapitadosan, adat istiadat, såhå nilai-nilai ingkang sampun wontên wiwit jaman rumiyin. Pramilå, filologi mênikå kaéwokakên
wontên ing jinising ngèlmu humaniora. Adhêdhasar andharan kasêbut pangêrtosan filologi, inggih mênikå ngèlmu ngéngingi bab båså, kasusastran, såhå
kabudayan satunggaling bångså ingkang sampun wontên wiwit jaman rumiyin.
2. Objek Filologi
Filologi minångkå salah satunggaling ngèlmu têmtu kémawon wontên
objek panalitènipun. Objek panalitèn filologi miturut Baroroh-Baried, 1985: 54
inggih mênikå sêratan astå ingkang ngêwrat mapintên-pintên andharan saking pamanggih såhå pangraosing manungså minångkå asiling budåyå ing jaman
rumiyin. Pamanggih ing nginggil ugi sami kaliyan pamanggihipun Mulyani ingkang kaandharakên wontê ing buku Teori Pengkajian Filologi 2009: 1.
Saking andharan ing nginggil, sagêd kadamêl dudutanipun bilih objek panalitèn filologi inggih mênikå naskah kaliyan teks. Andharan ngéngingi naskah
kaliyan teks kasêrat ing ngandhap mênikå.
a. Pangêrtosan Naskah
Naskah utawi manuskrip utawi handschrift têgêsipun anggitan ingkang
sinêrat astå carik, ingkang taksih asli mênåpå déné ingkang sampun awujud salinan
-ipun Darusuprapta, 1984:1. Wondéné miturut Baroroh-Baried 1985: 4,