Pangunjal Napas Analisis Isi utawi Pangrêmbaging Isinipun Teks Sêrat Ngèlmu

141

7. Bab Dhahar

“Sasagêd-sagêd ngulinakakên dhahar wowohan, ron-ronan ingkang sêgêr-sêgêr, sartå ingkang dados raharjaning badan, dhaharipun sampun ngantos kuwarêgên utawi kêluwèn, dados kêdah ingkang cêkapan, nyirik ulam ambêgan. ” kåcå 114 Adhêdhasar andharan ing nginggil, tiyang ingkang nêdyå anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå mênikå sasagêd-sagêd ngulinakakên dhahar wowohan, ron- ronan ingkang sêgêr-sêgêr, sartå ingkang dados raharjaning badan, dhaharipun sampun ngantos kuwarêgên utawi kêluwèn, dados kêdah ingkang cêkapan, nyirik ulam ambêgan. Wowohan, ron-ronan ingkang sêgêr mênikå ngawrat serat ingkang dipunbêtahakên déning badan. Gayut kaliyan pakulinan dhahar wowohan, ron-ronan, wontên artikel ing kalawarti Time tanggal kaping 28 Oktober 1967 lumantar Liwijaya-Kuntaraf 1988: 28-29, ingkang irah- irahanipun “Adnventist Advamtage” isinipun ngandharakên bilih yuswanipun masarakat Advent ing California Selatan 6,2 warså langkung dangun tinimbang masarakat sanèsipun. Asiling riset, nêdahakên bilih tiyang ingkang vegetarian utawi ingkang dhaharipun namung wowohan såhå ron-ronan, yuswanipun langkung panjang. Dhahar wowohan såhå ron-ronan ingkang sêgêr ugi wontên mumpangat sanèsipun. Mumpangat mênikå antiwisipun sagêd nyêgah mapintên-pintên lêlårå, kadostå sembelit, såhå bawasir, sagêd ngirangi kolesterol Liwijaya-Kuntaraf, 1988: 87-88, 161. Anggénipun dhahar ugi botên ngantos kuwarêgên utawi kaluwèn. Manawi ngantos kuwarêgên, mênikå njalari padharan, usus såhå sistem pencernaan dados tegang awit kawawrat kaliyan isining padharan. Sasanèsipun mênikå, upami 142 kuwarêgên dados pakulinan sagêd njalari arteriosclerosis pengerasan pembuluh nadi, penurunan intelegensi, penuaan dini dhatêng utak, pênyakit lambung gastrosis, pênyakit pembuluh darah otak dan jantung, diabetes, obesitas, lan sapanunggalanipun http:stiesa.ac.idmainindex.php?option=com_contenttask =viewid=15Itemid=54 , diunduh pada tanggal 11 April 2014, pukul 5.10. Wondéné, manawi ngantos kaluwèn sangêt ugi botên saé. Awit rikålå kaluwèn mênikå sajatosipun badan sagêd njumbuhakên kaliyan tingkat metabolisme ingkang langkung sakêdhik, satêmah sagêd nyimpên tênågå. Ananging, kawontênan kados makatên njalari proses-proses dalam terhambat Napitupulu, tt: 50. Salajêngipun, tiyang ingkang anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå sasagêd nyirik ulam ambêgan. Awit, daging-dagingan mênikå sagêd njalari mapintên- pintên pênyakit. Kados tå keracunan puffer dan Moray eel saking ikan, hepatitis infectiosa saking kêrang, såhå kanker Liwijaya-Kuntaraf, 1988: 51, 68. Salajêngipun, wontên tigang prakawis ingkang dados pangatos-atos salêbêting milih dhaharan ingkang badhé dipundhahar. Tigang prakawis kasêbut, inggih mênika: 1 dhahar sêkul, inggih botên dados alangan, namung pangliwêtipun sampun nganggé dipunpususi, sokur botên dipuntajini malah prayogi, awit sarining wos botên kalong kathah-kathah, andamêl kakiyataning badan; 2 dhahar janganan sampun kêmatêngên panggodhogipun malah prayogi mêntahan; 3 dhahar wowohan, prayogi ingkang taksih kêmampo. Andharan ngéngingi pangliwêting sêkul ingkang botên dipunpususi mênika sampun kaandharakên wontên nginggil pérangan wiwit wêwarah. Salajêngipun, 143 salêbêting masak janganan sampun ngatos kamatêngên. Awit, bilih kamatêngên mênika atêgês panggodhoging jangan kadangon, kamångkå vitamin wontên janganan mênika gampil risak manawi kénging bêntèr. Pramilå kanggé njagi vitamin -ipun supados têtêp wêtah, prayoginipun anggénipun masak sampun ngantos kêmatêngên http:www.resepbunda.biz20120223menjaga-vitamin- mineral-dalam-sayuran-saat-memasak , diunduh pada tanggal 11 April 2014, pukul 5.39 . Prakawis ingkang nomêr tigå ugi gayutipun kaliyan vitamin ingkang kawrat ing wowohan. Manawi wowohan taksih kêmampo atêgês wowohan mênika taksih sêgêr, dipunpurih vitamin-ipun taksih wêtah.

8. Dhukun sajatos

“Tiyang nglampahi lampahing ngèlmu Dåyåprabåwå, manawi sampun dados pon-ponanipun lajêng dados dhukun sajatos, mungguh anggènipun dados dhukun sajatos, kanggé rumêkså raharjaning bawånå, mitulungi kasusahaning ngagêsang ingkang sami nandhang gêrah, supados sagêd waluyå saking mêmålå, manawi kasêmbadan kados pangangkahipun dhukun ingkang sajatos. ” kåcå 117-118 Kados andharan ing nginggil, tiyang ingkang sampun nguwaosi ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå dados dhukun sajatos. Dhukun sajatos mênikå dipunkajêngakên sagêd mitulungi kasusahaning ngagêsang ingkang sami nandhang gêrah, supados sagêd waluyå saking mêmålå. Dhukun sajatos ing andharan mênikå mliginipun dhukun ingkang mantunakên tiyang ingkang gêrah. Wondéné sadèrèngipun sagêd jumênêng dados dhukun sajatos, kêdah ngatulakên pamardi tigang prakawis. Tigang prakawis kasêbut inggih mênika: