32 Jumbuh antawisipun panalitèn mênikå kaliyan panalitèn ingkang
dipuntindakakên kaliyan Wahyu Aji warså 2013 sagêd katitik saking metode såhå teknik
panalitèn ingkang dipunginakakên kanggé nggarap naskah. Panalitèn mênikå ngginakakên konsep metode panalitèn filologi mlignipun aliran filologi
modern. Wondéné teknik panalitèn ingkang dipunginakakên inggih mênikå teknik
analisis deskripsif. Kajawi mênikå lampahing garapan panalitèn filologi inggih
mênikå inventarisasi manuskrip utawi naskah, transliterasi teks, suntingan teks, terjemahan teks
sartå analisis isining teks. Prakawis sanès ingkang sagêd dipunginakakên minångkå titikan jumbuhing panalitèn antawisipun kalih
panalitèn kasêbut, inggih mênikå saking metode transliterasi ingkang dipuncakakên. Metode transliterasi-nipun inggih mênikå metode transliterasi
standar. Ringkêsing prakawis ingkang dipunginakakên kanggè titikanipun
jumbuhing panalitèn sagêd dipunwaos ing tabel ngandhap mênikå.
Tabel 1. Deskripsi Panalitèn ingkang Jumbuh No.
Prakawis Sêrat Anggêring
Nagari Sêrat Ngèlmu
Dåyåprabåwå
1. Jinising panalitèn
Filologi modern
deskriptif Filologi
modern deskriptif
2. Objek
Naskah Naskah
3. Metode Transliterasi
Transliterasi Standar Transliterasi Standar
33
BAB III CÅRÅ PANALITÈN
A. Jinising Panalitèn
Panalitèn mênikå ngginakakên panalitèn filologi, mliginipun panalitèn filologi modern,
ingkang dipun-gabung-akên kaliyan metode deskriptif. Wontên ing bukunipun ingkang irah-irahanipun Metode Penelitian Kualitatif Bidang
Filsafat, mliginipun pérangan ingkang gayut kaliyan panalitèn deskriptif, Kaelan
2005: 58 ngandharakên pangêrtosan panalitèn deskriptif. Panalitèn deskriptif inggih mênikå salah satunggaling cårå kanggé nggarap
satunggaling objek utawi sumber data ingkang awujud naskah, kanthi pangangkah kanggé ndamêl gambaran, utawi andharan kanthi cårå objektif, ngéngingi
têtêmbungan såhå sêsambêtan antawisipun pérangan-pérangan ingkang wontên ing teks. Panalitèn mênikå ngginakakên cårå panalitèn deskriptif kanthi ancas
ndamêl gambaran utawi andharan ngéngingi kawontênan naskah såhå isining teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå.
Wondéné metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
ingkang wujudipun naskah carik kasêrat mawi aksårå Jåwå. Panalitèn mênikå katindakakên kanthi lampahing panalitèn filologi inggih
mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, alih aksårå teks, såhå ndamêl terjemahan teks
. Panalitèn mênikå kaéwokakên wontên panalitèn filologi modern kajumbuhakên kaliyan ancasing panalitèn kanggé ngandharakên isining andharan
teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå.
34
B. Sumber Data Panalitèn
Sumber data panalitèn mênikå, inggih mênikå Sêrat Ngèlmu
Dåyåprabåwå . Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå naskah carik ingkang
kasimpên wontên ing Perpustakan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta kanthi nomer
koleksi PBC 194. Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kawrat wontên naskah
ingkang irah-irahan Serat Ngelmi Dayaprabawa, kaserat wontên kåcå 1- 24. Teks wontên ing Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå dhapukanipun gancårån.
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kaanggit dening R. Ng Pujaharja, ing
Suråkartå rikålå warså 1926. Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kaserat mawi aksårå Jåwå, abåså Jawi ragam Ngoko-Alus.
Sêrat mênikå ngêwrat kalih teks kanthi irah-irahan 1 Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
kåcå 1-24, kaliyan 2 Bausastrå kåcå 24-1. Teks kanthi irah- irahan Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kasêrat saking ngajeng mawingking,
wontên ing pérangan dlancang sisih têngên utawi rekto. Kosok wangsulipun, teks Bausastrå
mênikå kasêrat saking wingking mangajêng, dipunwalik panyêratipun saking dlancang sisih ngandhap wontên ing pérangan dlancang sisih kiwå utawi
verso .
C. Teknik Ngêmpalakên Data
Teknik ngêmpalakên data wontên ing panalitèn mênikå ngginakakên
lampahing panalitèn filologi. Lampahing panalitèn mênikå katindakakên makatên 1 inventarisasi naskah, 2 deskripsi naskah, 3 transliterasi teks, såhå 4 ndamêl