Wosing Panalitèn Ancasing Panalitèn

14 kaliyan bab ngèlmu båså, kasusastran, såhå kabudayan. Wondéné Mulyani 2009: 1 ngandharakên bilih filologi minångkå salah satunggaling ngèlmu ingkang gayut kaliyan studi tumraping asiling budåyå asiling pemikiran, perasaan, kapitadosan, adat istiadat, såhå nilai-nilai ingkang sampun wontên wiwit jaman rumiyin. Pramilå, filologi mênikå kaéwokakên wontên ing jinising ngèlmu humaniora. Adhêdhasar andharan kasêbut pangêrtosan filologi, inggih mênikå ngèlmu ngéngingi bab båså, kasusastran, såhå kabudayan satunggaling bångså ingkang sampun wontên wiwit jaman rumiyin.

2. Objek Filologi

Filologi minångkå salah satunggaling ngèlmu têmtu kémawon wontên objek panalitènipun. Objek panalitèn filologi miturut Baroroh-Baried, 1985: 54 inggih mênikå sêratan astå ingkang ngêwrat mapintên-pintên andharan saking pamanggih såhå pangraosing manungså minångkå asiling budåyå ing jaman rumiyin. Pamanggih ing nginggil ugi sami kaliyan pamanggihipun Mulyani ingkang kaandharakên wontê ing buku Teori Pengkajian Filologi 2009: 1. Saking andharan ing nginggil, sagêd kadamêl dudutanipun bilih objek panalitèn filologi inggih mênikå naskah kaliyan teks. Andharan ngéngingi naskah kaliyan teks kasêrat ing ngandhap mênikå.

a. Pangêrtosan Naskah

Naskah utawi manuskrip utawi handschrift têgêsipun anggitan ingkang sinêrat astå carik, ingkang taksih asli mênåpå déné ingkang sampun awujud salinan -ipun Darusuprapta, 1984:1. Wondéné miturut Baroroh-Baried 1985: 4, 15 naskah menunjukkan pengertian sesuatu yang konkrit. Saking andharan mênikå sagêd kadamêl dudutanipun bilih naskah mênikå nêdahakên satunggaling barang, ingkang awujud konkret, wontên ing riki sagêd awujud buku ingkang sagêd dipuntingali såhå dipuncêpêng. Pangêrtosan naskah salajêngipun miturut Poerwadarminta lumantar Darusuprapta, 1985: 1 bilih naskah mênikå anggitan ingkang sinêrat mawi astå utawi salinanipun. Naskah utawi handschrift utawi manuscript minångkå sêratan astå ingkang ngêwrat asiling budåyå bångså jaman kinå. Gayut kaliyan prakawis mênikå, Robson 1988: 2 ngandharakên bilih manuskirp saking kasusastran Indonesia dipunsêrat mawi mapintên-pintên jinis båså gumantung kaliyan asaling panganggit. Wondéné naskah Jawi inggih mênikå naskah ingkang dipunsêrat mawi båså Jawi inggih mênikå båså Jawi Kinå, Jawi Pertengahan, såhå Jawi gagrak énggal Mulyani, 2009: 1. Saking andharan-andharan ngéngingi pangêrtosan naskah ing nginggil, sagêd kadudut têgêsipun naskah. Naskah mênikå sadåyå anggitan ingkang sinêrat carik, ingkang asli menåpå déné salinan-ipun. Adhêdhasar pangêrtosan naskah ing nginggil, ingkang dados objek panalitèn mênikå naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå. Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang dipunginakakên awujud sêratan carik. Wondéné andharan ngéngingi teks Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kaandharakên ing pérangan pangêrtosing teks.