Deskripsi Naskah Lampahing Panalitèn Filologi
25 têmbung-têmbung pinjaman, mliginipun wontên teks ingkang awujud puisi
utawi måcåpat. 4
Pungtuasi, inggih mênikå tåndhå pamaos kanggé tåndhå panuturing ukårå koma, titik koma, titik, titik kalih, tåndhå pakèn, tåndhå pitakèn, såhå tåndhå
petik sartå tåndhå metra tunggal utawi metrum jamak wontên naskah
ingkang dhapukanipun sêkar utawi måcåpat, inggih mênikå watêsaning larik, watêsaning pupuh, såhå sêkar Darusuprapta, 1985; Mulyani, 2009: 21.
Wontên kalih metode ingkang sagêd dipuncakakên kanggé transliterasi. Miturut Mulyani 2009: 10-11, metode transliterasi mênikå dipunpérang dados
metode transliterasi diplomatik såhå metode transliterasi standar. Andharan
ngéngingi kalih metode kasêbut sagêd kawaos ing ngandhap mênikå. 1
Metode transliterasi diplomatik, inggih mênikå cårå anggènipun damêl alih aksårå sêrataning teks ingkang kasêrat mênåpå wontênipun kados déné
sêrataning teks-ipun kanthi aksårå ingkang bédå. 2
Metode transliterasi standar utawi baku, inggih mênikå cårå anggènipun damêl alih aksårå sêrataning teks ingkang kasêrat adhêdhasar utawi sampun
kajumbuhakên kaliyan ejaan ingkang lêrês utawi kajumbuhakên kaliyan Ejaan yang Disempurnakan
EYD ingkang taksih dipunanggé kanthi aksårå ingkang bédå.
Metode transliterasi mênikå dipuncakakên gumantung pangangkah
ingkang badhé dipungayuh. Pangangkah metode transliterasi diplomatik, inggih mênikå kanggé ngrêmbakakên sêratan naskah kados mênåpå wontênipun nanging
wontên ing aksårå ingkang bédå. Wondéné pangangkah metode transliterasi
26 standar
utawi baku inggih mênikå kanggé nggampilakên pamaosing teks såhå maknani teks.
Metode transliterasi ingkang dipunginakakên wontên ing panalitèn naskah
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå, inggih mênikå metode transliterasi standar
saking aksårå Jåwå dhatêng sêratan aksårå Latin. Transliterasi ingkang katindakakên inggih mênikå ingkang gayut kaliyan pembetulan nglêrêsakên
ejaan ingkang botên trêp kaliyan paugêran ejaan ingkang gumathok. Pembetulan
mênikå magêpokan kaliyan tåtå panyêrating aksårå kapital, tåndhå pamaos såhå ejaan
têmbung.