Pangêrtosan Teks Objek Filologi
20 Inventarisasi naskah mênikå saged kalampahan mawi metode studi
pustaka såhå studi lapangan. Metode studi pustaka inggih mênikå madosi naskah
mawi cårå studi katalog, déné studi lapangan inggih mênikå dipuntindakakên mawi cårå pengamatan langsung wontên ing museum, perpustakaan, utawi
instansi ingkang nyimpên naskah, mliginipun naskah ingkang dipunsimpên dados
koleksi piyambak Djamaris, 2002: 10. Ananging, mliginipun panalitèn filologi
studi lapangan- ipun katindakakên kanthi pengamatan langsung.
Studi katalog såhå pengamatan langsung ingkang dipuntindakakên wontên
ing perpustakan-perpustakan nagari utawi bêbadan swasta ingkang dados papan panyimpêning naskah. Kanthi nindakakên studi katalog, satunggaling panaliti
mênikå sampun siap kanggé nindakakên langkah panalitèn filologi salajêngipun Mulyani, 2009: 26.
Inventarisasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipunlampahi kanthi
cårå studi katalog såhå pengamatan langsung. Studi katalog katindakakên kanthi maos katalog-katalog ing ngandhap mênikå;
1. Descriptive Catalogue of the Javanese Manuscripts and Printed Books in the
Main Libraries of Surakarta and Yogyakarta Girardet, 1983.
2. Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara. Jilid I Behrend, 1990.
3. Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Fakultas Sastra UI Jilid 3-A
Behrend, 1997. 4.
Katalog Naskah-naskah Perpustakaan Pura Pakualaman Saktimulya, 2005. 5.
Katalog Naskah Kuna dan Buku Lama Koleksi Perpustakaan Balai Pelestaraian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta
Sunjata, tt.
21 6.
Kalalog Manuskrip Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta. Wondéné, pengamatan langsung naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ugi
dipuntindakakên wontên ing sapérangan perpustakaan pernaskahan. Perpustakaan-perpustakaan
kasêbut inggih mênikå Perpustakaan Balai Bahasa, Yogyakarta kaliyan Perpustakaan Sonobudoyo, Yogyakarta.