34
B. Sumber Data Panalitèn
Sumber data panalitèn mênikå, inggih mênikå Sêrat Ngèlmu
Dåyåprabåwå . Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå naskah carik ingkang
kasimpên wontên ing Perpustakan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta kanthi nomer
koleksi PBC 194. Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kawrat wontên naskah
ingkang irah-irahan Serat Ngelmi Dayaprabawa, kaserat wontên kåcå 1- 24. Teks wontên ing Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå dhapukanipun gancårån.
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kaanggit dening R. Ng Pujaharja, ing
Suråkartå rikålå warså 1926. Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kaserat mawi aksårå Jåwå, abåså Jawi ragam Ngoko-Alus.
Sêrat mênikå ngêwrat kalih teks kanthi irah-irahan 1 Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
kåcå 1-24, kaliyan 2 Bausastrå kåcå 24-1. Teks kanthi irah- irahan Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kasêrat saking ngajeng mawingking,
wontên ing pérangan dlancang sisih têngên utawi rekto. Kosok wangsulipun, teks Bausastrå
mênikå kasêrat saking wingking mangajêng, dipunwalik panyêratipun saking dlancang sisih ngandhap wontên ing pérangan dlancang sisih kiwå utawi
verso .
C. Teknik Ngêmpalakên Data
Teknik ngêmpalakên data wontên ing panalitèn mênikå ngginakakên
lampahing panalitèn filologi. Lampahing panalitèn mênikå katindakakên makatên 1 inventarisasi naskah, 2 deskripsi naskah, 3 transliterasi teks, såhå 4 ndamêl
35 terjemahan teks.
Lampahing filologi ingkang dipunginakakên kaandharakên kados ing ngandhap mênikå.
1. Inventarisasi Naskah
Inventarisasi naskah mênikå cårå ngêmpalakên data ingkang sapisanan.
Inventarisasi naskah mênikå katindakakên kanthi cårå studi katalog såhå
pengamatan langsung . Studi katalog, inggih mênikå cårå anggenipun
ngêmpalakên data kanthi maos såhå nyêrat kawontênan papan panyimpêning sumber data
panalitèn. Wondéné pengamatan langsung, inggih mênikå pelacakan sumber panalitèn
wontên papan panyimpênipun. Katalog
ingkang dipunginakakên wontên panalitèn mênikå wontên mapintên-pintên katalog. Katalog ingkang kaginakakên inggih mênikå;
Descriptive Catalogue of the Javanese Manuscripts and Printed Books in the Main Libraries of Surakarta and Yogyakarta
Girardet, 1983; Katalog Induk Naskah-Naskah Nusantara Museum Sonobudoyo Yogyakarta Jilid I
Behrend, 1990; Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Fakultas Sastra UI Jilid 3-A,
Behrend, 1997; såhå Katalog Naskah Kuna dan Buku Lama Koleksi Perpustakaan Balai Pelestaraian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta
Sunjata, tt. Saking asiling studi katalog kapanggihakên naskah Sêrat Ngèlmu
Dåyåprabåwå kanthi nomer koleksi PBC 194. Naskah mênikå kasêrat mawi
aksårå Jåwå, dhapukanipun prosa utawi gancårån. Naskah mênikå kalêbêt jinising naskah
piwulang, kaanggit déning R.Ng Pujaharja.