Panalitèn ingkang Jumbuh

35 terjemahan teks. Lampahing filologi ingkang dipunginakakên kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1. Inventarisasi Naskah Inventarisasi naskah mênikå cårå ngêmpalakên data ingkang sapisanan. Inventarisasi naskah mênikå katindakakên kanthi cårå studi katalog såhå pengamatan langsung . Studi katalog, inggih mênikå cårå anggenipun ngêmpalakên data kanthi maos såhå nyêrat kawontênan papan panyimpêning sumber data panalitèn. Wondéné pengamatan langsung, inggih mênikå pelacakan sumber panalitèn wontên papan panyimpênipun. Katalog ingkang dipunginakakên wontên panalitèn mênikå wontên mapintên-pintên katalog. Katalog ingkang kaginakakên inggih mênikå; Descriptive Catalogue of the Javanese Manuscripts and Printed Books in the Main Libraries of Surakarta and Yogyakarta Girardet, 1983; Katalog Induk Naskah-Naskah Nusantara Museum Sonobudoyo Yogyakarta Jilid I Behrend, 1990; Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Fakultas Sastra UI Jilid 3-A, Behrend, 1997; såhå Katalog Naskah Kuna dan Buku Lama Koleksi Perpustakaan Balai Pelestaraian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta Sunjata, tt. Saking asiling studi katalog kapanggihakên naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kanthi nomer koleksi PBC 194. Naskah mênikå kasêrat mawi aksårå Jåwå, dhapukanipun prosa utawi gancårån. Naskah mênikå kalêbêt jinising naskah piwulang, kaanggit déning R.Ng Pujaharja. 36 2. Deskripsi Naskah Deskripsi naskah inggih mênikå lampahing panalitèn ingkang katindakakên kanthi njlèntrèhakên utawi ngandharakên mawi têmbung-têmbung kanthi cêtha såhå jangkêp ngéngingi kawontênaning naskah ingkang dipuntliti. Bab ingkang dipunandharakên wontên panalitèn mênikå, inggih mênikå bab ingkang gayut kaliyan: papan panyimpêning naskah, nomer koleksi naskah, irah- irahan, manggala, kolofon, kawontênanipun naskah, ukuraning naskah, ukuraning margin naskah, kandêlipun naskah, samak naskah, jinis bahan naskah, wujuding naskah såhå teks, jinis naskah, jinis aksårå, sikap aksårå, ukuraning aksårå, wujuding aksårå, goresan aksårå, warninipun mangsi, båså teks, ukuranig teks, penomeran kåcå, cacahing kåcå ingkang dipuntliti, cacahing kåcå kothong, såhå cathêtan ing sanjawinipun teks. 3. Transliterasi Teks Transliterasi ingkang dipunginakakên wontên panalitèn mênikå, inggih mênikå transliterasi standar. Transliterasi teks ingkang katindakakên, inggih mênikå alih aksårå kanthi nggantos jinising sêratan, inggih mênikå teks ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå dipungantos dados aksårå Latin kanthi aksårå ingkang sampun dipunlêrêsakên miturut pandom ingkang gumathok. 4. Suntingan Teks Suntingan ingkang kaginakakên wontên panalitèn mênikå, inggih mênikå suntingan edisi standar . Suntingan teks edisi standar mênikå nyêrat naskah kanthi nglêrêsakên kalêpatan-kalêpatan såhå sêratan ingkang botên ajêg sartå ejaan-ipun dipunjumbuhakên kaliyan pandom ingkang baku. Standarisasi suntingan teks 37 ingkang kaginakakên wontên panalitèn mênikå ngginakakên tåtå têmbung wontên kamus, inggih mênikå Baoesastra Djawa såhå ejaan båså Jawi ingkang gumathok. Lampah kanggé nglêrêsakên mênikå sagêd kanthi ngéwahi sêratan ingkang sagêd kanthi nambahi, ngirangi, utawi nggantos sêrataning teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå . Ancasing ndamêl suntingan mênikå kanggé nggampilakên pamaosing teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå. 5. Terjemahan Teks Terjemahan ingkang kaginakakên ing panalitèn mênikå, inggih mênikå metode terjemahan harfiah, isi, såhå bebas. Terjemahan harfiah, inggih mênikå terjemahan têmbung mawi têmbung. Ananging, terjemahan teks mênikå botên cêkap kanthi nêgêsi sabên têmbungipun kémawon. Salajêngipun, terjemahan teks ugi kêdah dipunjumbuhakên kaliyan isining teks. Manawi terjemahan isi botên sagêd kaginakakên ngasilakên terjemahan teks ingkang trêp, salajêngipun kaginakakên terjemahan bebas. Sadåyå cåråning terjemahan teks mênikå dipunkajêngakên supados sagêd ngasilakên terjemahan ingkang langkung kontekstual, satêmah langkung cêthå. Terjemahan teks dipundamêl supados teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå sagêd langkung gampil dipunmangêrtosi déning masarakat. Sanèsipun, ancasaing terjemahan mênikå kanggé nggampilakên panaliti nêgêsi teks. 6. Analisis Isi Analisis isi wontên panalitèn mênikå katindakakên kanthi nêgêsi teks. Metode nêgêsi teks ingkang katindakakên, inggih mênikå kanthi cårå pamaosing teks heuristik, såhå hermeneutik. Pamaosing teks kanthi cårå heuristik, inggih