44
F. Keabsahan Data
1. Validitas
Validitas data ing panalitèn mênikå ngginakakên validitas semantik.
Validitas semantik dipunginakakên awit sumber data panalitèn mênikå awujud
naskah ingkang ngêwrat teks ingkang awujud struktur båså saking mapintên-
pintên têmbung, frasa, ukårå, gatrå ingkang ngêwrat satunggal maknå. Validitas semantik
ing panalitèn mênikå dipunginakakên kanggé madosi maknå saking data ingkang gayut kaliyan konteks-ipun. Wondéné, cak-cakanipun
validitas semantik ing panalitèn mênikå kados tulådhå ing ngandhap mênikå:
Transliterasi standar
Teks abåså Kråmå Sêrat
Ngèlmu Dåyåprabåwå Terjemahan Teks
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
... Tangané dhukun sajati loro
pisan kagêgêm,
kajunjung nganti têkan sadhuwuring
sirahé dhéwé, nuli kasolahaké
kapêthå buwêngan ... ... Astanipun dhukun
sajatos kalih
sadåyå kagêgêm,
kajunjung ngantos
dugi sanginggiling
mustakanipun piyambak, lajêng
kasolahakên kapêthå buwêngan ...
... Kedua tangan dukun sejati
digenggamkan, diangkat hingga setinggi
kepala, lalu membentuk setengah lingkaran ...
Têmbung buwêngan ing nginggil, miturut Baoesastra Djawa Poerwadarminta, 1939: 55 têgêsipun kubênging cakran, 1 cakran, bundêran,
2 plêngkungan. Pramilå, adhêdhasar konteks ukaranipun, têgêsipun têmbung buwêngan ingkang jumbuh kaliyan konteks ukaranipun, dipun-terjemah-akên
dados setengah lingkaran.
2. Reliabilitas
Kanggé ngukur reliabilitas data panalitèn mênikå ngginakakên reliabilitas intrarater
såhå interater. Reliabilitas intrarater, inggih mênikå maos kanthi dipunambali makaping-kaping satêmah data ingkang dipunasilakên ajêg.
45 Reliabilitas interarter,
inggih mênikå reliabilitas antawisipun satunggaling panalitèn kaliyan panaliti sanès, inggih mênikå nyuwun pamrayogi såhå
panyaruwé saking tiyang ingkang sampun ahli ing bidang-ipun. Panaliti ngawontênaken pirêmbagan ngéngingi data-data ingkang sampun dipunasilakên
dhatêng dosen pembimbing minångkå ahli ing bidang-ipun.
46
BAB IV ASILING PANALITÈN SÅHÅ PANGRÊMBAGIPUN
A. Inventarisasi Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
Inventarisasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ing panalitèn mênikå
dipunlampahi kanthi studi katalog såhå pengamatan langsung utawi mangêrtosi piyambak kawontênaning naskah. Studi katalog dipunlampahi kanthi maos
ngginakakên katalog kanggé madosi kawontênaning naskah. Katalog
ingkang dipunginakakên kanggé studi katalog mênikå gunggungipun wontên ênêm. Wondéné irah-irahaning katalog-katalog ingkang
dipunginakakên kanggé studi katalog sampun kaandharakên ing bab III pérangan teknik
ngêmpalakên data panalitèn mliginipun pérangan inventarisasi naskah. Sasampunipun nindakakên studi katalog, lampahing inventarisasi naskah
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå salajêngipun, inggih mênikå pengamatan langsung
utawi mangêrtosi piyambak wujuding naskah. Pengamatan langsung naskah dipuntindakakên kanthi mangêrtosi piyambak kawontênaning naskah ing papan
panyimpêning naskah. Saking asiling inventarisasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
kapanggihakên bilih gunggunging naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå namung satunggal eksemplar. Naskah kasêbut kasimpên ing Perpustakaan Sonobudoyo,
Yogyakarta. Sasanèsipun gunggunging naskah, saking asiling inventarisasi naskah ugi
sagêd dipunmangêrtosi andharan ngéngingi papan panyimpêning naskah såhå irah-irahaning naskah. Wondéné asiling andharanipun inventarisasi naskah Sêrat
47 Ngèlmu Dåyåprabåwå
mênikå kasêrat wontên ing ngandhap mênikå. Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
mênikå kapanggihakên ing kalih katalog
, inggih mênikå Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara, Jilid I Behrend, 1990 kaliyan Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Fakultas
Sastra UI Jilid 3-A Behrend, 1997. Saking kalih katalog mênikå sagêd
dipunpanggihakên katrangan ngéngingi papan panyimpêning naskah, inggih mênikå wontên ing Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta.
B. Deskripsi Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
Sumber data ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênikå naskah Sêrat
Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang kasimpên ing Perpustakaan Museum Sonobudoyo,
Yogyakarta. Kawontênaning naskah såhå teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kaandharakên wontên tabel ngandhap mênikå.
Tabel 4: Asiling deskripsi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
No. Katrangan
Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
1. Nomer kodeks
PBC 194 2.
Papan panyimpênipun Perpustakaan Museum Sonobudoyo,
Yogyakarta 3.
Manggala -
4. Kolofon
- 5.
Kawontênanipun naskah Naskah taksih sae. Jilidanipun taksih kêncêng. Sêratanipun taksih sagêd
dipunwaos. 6.
Jinis bahan naskah Dlancang
7. Gunggungipun larik
sabên kåcå 24 larik