138
napas supados sampun kénging ing rubédå mirêng swantên grobyagan, prayogi mlêbêt ing kamar ingkang sêpên sangêt, ingkang rêsik
gumrining sartå ingkang ngrêsêpakên, mênåpå déné sampun sadhiyå
jam. ” kåcå 105-106
Lampah mênikå katindakakên kanthi pangangkah supados langkung gampil
musatakên pênggalih. Awit, salêbêtipun anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå kêdah fokus,
botên parêng mênggalih mênåpå kémawon sasanèsipun ngèsthi ingkang linampahan.
“Lajêng manggèn lênggah ingkang sakécå, upami ing kursi ingkang wontên tanganipun, jumênêng anjêjêr ugi kénging, jåjå mungal,
pundhak mawingking, muståkå jêjêg, tutuk mingkêm, mirsani
lampahing jam. ” kåcå 106
Patrapan jåjå mungal, pundhak mawingking, såhå muståkå jêjêg mênikå
wontên pangangkahipun. Pangangkah patrapan mênikå supados sagêd menyebabkan stimulus untuk mengoptimalkan fungsinya cabang besar saraf di
bahu pleksus brakialis dalam merangsang saraf pada organ paru, jantung, liver,
ginjal, lambung,
dan usus
sehingga metabolisme
optimal http:health.kompas.comread201008301201439Inilah.Senam.Ergonomis.dan
, diunduh pada tanggal 11 April 2014 pukul 3.45. Salajêngipun kaandharakên bilih panggulang mênikå kanthi saré malumah
inggih kénging, supados saranduning badan sagêd dhangan, nanging manawi sampun sumêdyå badhé saré botên kénging anggêgulang, inggih namung
mliginipun saré kémawon awit manawi ngantos kalajêng ngantuk dados jugar lampahipun. Ndadosakên lampah anggêgulang ngèlmu mênikå botên sampurnå.
Taksih saking sumber ingkang sami, malumah mênikå dipuntindakakên kanthi pangangkah supados saraf-saraf ingkang wontên ing tulang belakang
139
mênikå langkung rileks såhå sagêd maksimal fungsi-nipun. Efek relaksasi saraf tulang belakang
mênikå dipunlajêngakên dhatêng utak, lajêng wontên respon saking ingkang arupi pengaturan kembali kerja sistem badan, satêmah wontên
proses self healing penyembuhan diri sendiri.
6. Bab Kalakuan Patrapan
“Ngulinakakên wêlas, asih, saranti, sabar, sarèh, lêgåwå, lêmbah manah, ngapuntên, jatmikå, awis kêdhèp, awis wicantên.” kåcå 114
Tiyang ingkang nêdyå anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå kêdah ngulinakakên wêlas asih, saranti srantos, sabar, sarèh, lêgåwå, lêmbah manah,
ngapuntên, jatmikå, awis kêdhèp, awis wicantên. Wêlas inggih mênikå gadhah raos trêsnå asih dhatêng sasami Sarjana dan Kuswa, 2010: 81.
Asih mênikå ngurmati såhå ngaosi sadåyå titahing Gusti Allah. Sampun samêsthinipun bilih manungså mênikå prêduli dhatêng tiyang sanès ing sakiwå
têngênipun. Awit, manungså minångkå makhluk sosial botên sagêd nyêkapi kabêtahan gêsangipun piyambakan. Pramilå, kanggé njagi sêsambêtan kaliyan
tiyang sanès, kêdah nuwuhakên såhå ngulinakakên raos asih. Pungkasanipun, sagêd nuwuhakên suraos gêsang padintênan ingkang ayêm têntrêm.
Srantos, sabar utawi sarèh inggih mênikå botên cêpak napsunipun Perwadarminto, 1939: 536. Tiyang ingkang sabar utawi sarèh mênikå sagêd
njagi emosi-nipun, manawi badhé tumindak samukawisipun dipunpênggalih rumiyin, botên gampil dukå, såhå sagêd nampi kasunyatan mênåpå kémawon.
140
Lêgåwå inggih mênikå lomå, rêmên wèwèh, såhå rêmên têtulung. Tiyang ingkang lêgåwå mênikå botên éman manawi badhé wèwèh utawi manawi badhé
têtulung dhatêng sintên kémawon. Lêmbah manah inggih mênikå sikap nampi, såhå ngawon. Lêmbah manah
mênikå awrat tumraping manungså, supados sagêd mêmuji sokur kanggé sadåyå ingkang wontên ing gêsangipun. Supados botên ngantos kados paribasan, “cebol
anggayuh lintang” ingkang atêgês gadhah karêman ingkang inggil sangêt. Manawi sagêd kagayuh inggih saé, ananging manawi botên sagêd nggayuh sampun
samêthinipun ngêcakakên watak lêmbah manah mênikå. Ngapuntên inggih mênikå sagêd apuntên-ingapuntên kaliyan tiyang sanès.
Awit manungså minångkå titah sawantah ingkang asring mêntingakên nêpsunipun, têmtu kémawon asring nindakakên kalêpatan.
Jatmikå, inggih mênikå sopan santun, njagi tåtå kråmå. Sipat mênikå awrat sangêt kanggé sabên manungså. Kados unèn-unèn ajining awak gumantung saking
tumindak, mênikå minångkå pêpéling supados têtêpå njagi tumindak. Sopan santun
utawi tåtå kråmå minångkå pangukuring ajining satunggaling tiyang. Awis kêdhêp såhå awis wicantên minångkå pakulinan kanggé nggladhi dhiri
pribadi manungså supados botên sêmbrånå anggènipun mirsani såhå wicantên. Kados unèn-unèn ajining dhiri gumantung saking lathi, ingkang dipunpitados
saking tiyang mênikå inggih wicantênipun. Manawi sapisan kêmawon ngapusi, tiyang sanès badhé kécalan pitadosipun sinaoså wicantênipun ingkang
salêrêsipun.
141
7. Bab Dhahar
“Sasagêd-sagêd ngulinakakên dhahar wowohan, ron-ronan ingkang sêgêr-sêgêr, sartå ingkang dados raharjaning badan, dhaharipun
sampun ngantos kuwarêgên utawi kêluwèn, dados kêdah ingkang
cêkapan, nyirik ulam ambêgan. ” kåcå 114
Adhêdhasar andharan ing nginggil, tiyang ingkang nêdyå anggêgulang
ngèlmu dåyåprabåwå mênikå sasagêd-sagêd ngulinakakên dhahar wowohan, ron- ronan ingkang sêgêr-sêgêr, sartå ingkang dados raharjaning badan, dhaharipun
sampun ngantos kuwarêgên utawi kêluwèn, dados kêdah ingkang cêkapan, nyirik ulam ambêgan. Wowohan, ron-ronan ingkang sêgêr mênikå ngawrat serat
ingkang dipunbêtahakên déning badan. Gayut kaliyan pakulinan dhahar wowohan, ron-ronan, wontên artikel ing
kalawarti Time tanggal kaping 28 Oktober 1967 lumantar Liwijaya-Kuntaraf 1988: 28-29, ingkang irah-
irahanipun “Adnventist Advamtage” isinipun ngandharakên bilih yuswanipun masarakat Advent ing California Selatan 6,2
warså langkung dangun tinimbang masarakat sanèsipun. Asiling riset, nêdahakên bilih tiyang ingkang vegetarian utawi ingkang dhaharipun namung wowohan såhå
ron-ronan, yuswanipun langkung panjang. Dhahar wowohan såhå ron-ronan ingkang sêgêr ugi wontên mumpangat
sanèsipun. Mumpangat mênikå antiwisipun sagêd nyêgah mapintên-pintên lêlårå, kadostå sembelit, såhå bawasir, sagêd ngirangi kolesterol Liwijaya-Kuntaraf,
1988: 87-88, 161. Anggénipun dhahar ugi botên ngantos kuwarêgên utawi kaluwèn. Manawi
ngantos kuwarêgên, mênikå njalari padharan, usus såhå sistem pencernaan dados tegang
awit kawawrat kaliyan isining padharan. Sasanèsipun mênikå, upami