Dhukun sajatos Analisis Isi utawi Pangrêmbaging Isinipun Teks Sêrat Ngèlmu
147
salêbêting teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå inggih mênikå båså Jawi gagrag anyar. Wondéné ragam båså ingkang kaginakakên ragam båså Jawi Ngoko-Alus.
3. Trasliterasi Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
Metode transliterasi ingkang dipunginakakên wontên ing panalitèn naskah
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå, inggih mênikå metode transliterasi standar
saking aksårå Jåwå dhatêng sêratan aksårå Latin. Têmbung ingkang dipunsêrat kandêl, mratandani bilih têmbung mênikå kirang trêp, lajêng dipunjumbuhakên
kaliyan pandom ingkang gumathok wontên pérangan suntingan. Transliterasi standar
dipunginakakên kanggé alih teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kanthi pangangkah kanggé nglêrêsakên kalêpatan såhå sêratan teks ingkang botên ajêg,
sartå nggampilakên 4.
Suntingan Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå Suntingan teks
Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipungarap adhêdhasar asiling transliterasi standar teks
sêrat kasêbut. Metode suntingan ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênikå suntingan teks edisi standar. Metode
suntingan teks edisi standar dipunginakakên awit kanthi metode mênikå kalêpatan
såhå sêratan ingkang botên ajêg sagêd dipunlêrêsakên, satêmah sagêd nggampilakên panaliti såhå pamaos mangêrtosi isining teks Sêrat Ngèlmu
Dåyåprabåwå mênikå.
5. Terjemahan Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
Metode terjemahan teks ingkang dipunginakakên wontên panalitèn
ngéngingi Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, inggih mênikå terjemahan harfiah, terjemahan isi
, såhå terjemahan bebas ingkang dipungarap kanthi kontekstual.
148
Terjemahan teks mênikå mujudakên satunggaling proses. Manawi teks botên
sagêd dipun-terjemah-akên kanthi metode terjemahan harfiah, ngginakakên metode terjemahan isi.
Manawi teks botên sagêd dipun-terjemah-akên kanthi metode terjemahan isi,
kalajêngakên kanthi metode terjemahan bebas. Terjemahan teks
wontên panalitèn mênikå ngéwahi båså saking basaning teks
utawi båså sumber-ipun, inggih mênikå båså Jawi dhatêng båså sasaran-ipun, inggih mênikå båså Indonesia. Terjemahan mênikå kaangkah kanggé
nggampilakên tiyang ingkang botên mangêrtos båså Jawi mangêrtosi såhå maknani isining teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå.
Sadèrèngipun dipundamêl alih båså kanthi ngginakakên båså Indonesia, basaning teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipunèwahi rumiyin saking båså Jawi
Ngoko-Alus dados båså Jawi Kråmå. Éwah-éwahaning båså Jawi Ngoko-Alus dados båså Jawi Kråmå mênikå kanthi pangangkah lumantar panalitèn mênikå
sagêdå mujudakên salah satunggaling paékå kanggé nglêstantunakên båså Jawi Kråmå.
6. Analisis Isi
Analisii isi teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipungarap kanthi
ngginakakên kalih teori, inggih mênikå teori kasarasan såhå piwulang. Isining teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
ingkang gayut kaliyan bab wiwit wêwarah, bab kalakuan, såhå bab dhukun sajatos dipungarap kajumbuhakên kaliyan bab
piwulang. Wondéné bab ålå bêciking håwå, papan panggénan, bab