Pangêrtosan Naskah Objek Filologi

18 Ancasing filologi modern inggih mênikå kanggé nêmtokakên maknå kreasi wontên ing variasi. Adhêdhasar kalih aliran filologi ing nginggil, panalitèn mênikå ngginakakên aliran filologi modern. Bab mênikå kajumbuhakên kaliyan ancasing panalitèn, inggih mênikå kanggé mangêrtosi, nglêrêsakên, såhå menafsirkan teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåw a, kagayutakên kaliyan ngèlmi bab båså, kasusastran, såhå kabudayan.

4. Ancasipun Filologi

Panalitèn filologi mênikå wontên ancasipun. Miturut Baroroh-Baried 1994: 8, ancasipun filologi wontên kalih pérangan. Ancasing panalitèn mênikå kapérang dados ancas umum kaliyan ancas khusus. Ancas umum panalitèn filologi wontên warni tiga, inggih mênikå; 1 mangêrtosi kadospundi kabudayan satunggaling bångså lumantar têtilaran kabudayan ingkang kasêrat naskah, 2 ngandharakên fungsi utawi mumpangatipun teks tumraping masarakat panampinipun utawi pamaosipun, ing jaman rumiyin såhå ing jaman samênikå, såhå 3 mahyakakên nilai-nilai budåyå jaman rumiyin minångkå alternatif kanggé ngembangakên kabudayan. Wondéné ancas khusus panalitèn filologi wontên sakawan inggih mênikå; 1 mahyakakên bentuk wiwitaning teks ingkang kasimpên salêbêting têtilaran kabudayan ingkang sinêrat, utawi menyunting teks ingkang dipunraos paling cêlak kaliyan aslinipun, 2 ngandharakên sêjarah dadosipun teks såhå sêjarah perkembangan teks , 3 ngandharakên resepsi utawi panampinipun masarakat 19 pamaos tumrap satunggaling teks ing satunggaling wêkdal panampinipun, 4 mahyakakên teks supados saged dipunwaos déning masarakat samênikå, inggih mênikå ingkang awujud suntingan. Adhêdhasar andharan ancasipun filologi ing nginggil, ancasipun panalitèn filologi tumrap Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, inggih mênikå mahyakakên isining teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kanthi damêl suntingan teks såhå terjemahan teks . Salajêngipun, isining teks badhê ka-analisis kanggé mangêrtosi piwulang ingkang gayut kaliyan bab kasarasan ingkang kawrat ing salêbêting teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå.

5. Lampahing Panalitèn Filologi

Panalitèn filologi mênikå dipuntindakakên miturut lampahing panalitèn. Wondéné lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå a inventarisasi naskah, b deskripsi naskah, c transliterasi utawi alih aksårå, d suntingan teks, e terjemahan utawi alih båså, såhå f analisis isi. Andharan ngéngingi lampahing panalitèn filologi kasêbut dipunwahyakakên kados ing ngandhap mênikå.

a. Inventarisasi Naskah

Inventarisasi naskah, inggih mênikå lampah sapisanan ingkang dipuntindakakên déning panaliti sasampunipun nêmtokakên naskah ingkang badhé dipuntliti. Inventarisasi naskah dipuntindakakên kanthi pangangkah kanggé mangêrtosi gunggungipun naskah såhå papan wontênipun naskah ingkang dados sumber panalitèn. Inventarisasi naskah inggih mênikå nyêrat sedåyå naskah kanthi irah-irahan ingkang sami ingkang kapanggihakên. 20 Inventarisasi naskah mênikå saged kalampahan mawi metode studi pustaka såhå studi lapangan. Metode studi pustaka inggih mênikå madosi naskah mawi cårå studi katalog, déné studi lapangan inggih mênikå dipuntindakakên mawi cårå pengamatan langsung wontên ing museum, perpustakaan, utawi instansi ingkang nyimpên naskah, mliginipun naskah ingkang dipunsimpên dados koleksi piyambak Djamaris, 2002: 10. Ananging, mliginipun panalitèn filologi studi lapangan- ipun katindakakên kanthi pengamatan langsung. Studi katalog såhå pengamatan langsung ingkang dipuntindakakên wontên ing perpustakan-perpustakan nagari utawi bêbadan swasta ingkang dados papan panyimpêning naskah. Kanthi nindakakên studi katalog, satunggaling panaliti mênikå sampun siap kanggé nindakakên langkah panalitèn filologi salajêngipun Mulyani, 2009: 26. Inventarisasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipunlampahi kanthi cårå studi katalog såhå pengamatan langsung. Studi katalog katindakakên kanthi maos katalog-katalog ing ngandhap mênikå; 1. Descriptive Catalogue of the Javanese Manuscripts and Printed Books in the Main Libraries of Surakarta and Yogyakarta Girardet, 1983. 2. Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara. Jilid I Behrend, 1990. 3. Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Fakultas Sastra UI Jilid 3-A Behrend, 1997. 4. Katalog Naskah-naskah Perpustakaan Pura Pakualaman Saktimulya, 2005. 5. Katalog Naskah Kuna dan Buku Lama Koleksi Perpustakaan Balai Pelestaraian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta Sunjata, tt.