Bab Kalakuan Patrapan Analisis Isi utawi Pangrêmbaging Isinipun Teks Sêrat Ngèlmu

143 salêbêting masak janganan sampun ngatos kamatêngên. Awit, bilih kamatêngên mênika atêgês panggodhoging jangan kadangon, kamångkå vitamin wontên janganan mênika gampil risak manawi kénging bêntèr. Pramilå kanggé njagi vitamin -ipun supados têtêp wêtah, prayoginipun anggénipun masak sampun ngantos kêmatêngên http:www.resepbunda.biz20120223menjaga-vitamin- mineral-dalam-sayuran-saat-memasak , diunduh pada tanggal 11 April 2014, pukul 5.39 . Prakawis ingkang nomêr tigå ugi gayutipun kaliyan vitamin ingkang kawrat ing wowohan. Manawi wowohan taksih kêmampo atêgês wowohan mênika taksih sêgêr, dipunpurih vitamin-ipun taksih wêtah.

8. Dhukun sajatos

“Tiyang nglampahi lampahing ngèlmu Dåyåprabåwå, manawi sampun dados pon-ponanipun lajêng dados dhukun sajatos, mungguh anggènipun dados dhukun sajatos, kanggé rumêkså raharjaning bawånå, mitulungi kasusahaning ngagêsang ingkang sami nandhang gêrah, supados sagêd waluyå saking mêmålå, manawi kasêmbadan kados pangangkahipun dhukun ingkang sajatos. ” kåcå 117-118 Kados andharan ing nginggil, tiyang ingkang sampun nguwaosi ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå dados dhukun sajatos. Dhukun sajatos mênikå dipunkajêngakên sagêd mitulungi kasusahaning ngagêsang ingkang sami nandhang gêrah, supados sagêd waluyå saking mêmålå. Dhukun sajatos ing andharan mênikå mliginipun dhukun ingkang mantunakên tiyang ingkang gêrah. Wondéné sadèrèngipun sagêd jumênêng dados dhukun sajatos, kêdah ngatulakên pamardi tigang prakawis. Tigang prakawis kasêbut inggih mênika: 144 “1 mardi bujå, sadintên-dintên manawi botên wontên pakéwuhipun utawi saru, tumandangipun kêdah ngulinakaké sarånå astå kiwå; 2 mardi socå, sadintên-dintên manawi botên wontên pakéwuhipun utawi saru, paningalipun socå kêdah sakatogipun nêmbé kêdhèp, dados botên kêrêp- kêrêp kêdhèp; 3 mardi uswå, ngulinakakên lampahing napas, panyêdhotipun kêdah sakatogipun nêmbé ngêmpus, dados nglandhungakên ambêgan. ” kåcå 118-119 Prakawis mardi bujå sampun kaandharakên wontên ing nginggil, pérangan wiwit wêwarah. Mardi bujå mênika kanggé gladhèn supados budi ing pérangan utak têngên kakulinakakên tumandang. Pungkasanipun, sagêd nguwaosi kakiyatan ingkang ngèbat-èbatakên. Salajêngipun, mardi socå ugi sampun kaandharakên ing pérangan bab tindak tanduk. Wondéné mardi uswå sampun karêmbag ing pérangan olah napas.

9. Pèngêtan nambani lêlårå

“Manawi dhukun sajatos badhé maringi dåyå kuwarasan dhatêng tiyang ingkang gêrah, botên kénging langkung saking dåyå ingkang kanggé badanipun piyambak, mungguh mangêrtosi manawi badanipun piyambak sampun gadhah dåyå kakiyatan, katitik saking kakiyatanipun ngunjal napas. ” kåcå 119-120 Kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil bilih tiyang ingkang sampun nguwaosi ngèlmu dåyåprabåwå mênikå dados dhukun sajatos. Dhukun sajatos sajatos ing andharan mênikå mliginipun dhukun ingkang mantunakên tiyang ingkang gêrah. Sinaoså dhukun sajatos sampun kagungan kakiyatan ingkang linangkung, nanging anggènipun maringi dåyå kuwarasan dhatêng tiyang ingkang gêrah, botên kénging langkung saking dåyå ingkang kanggé badanipun piyambak. Dåyå kakiyatan ingkang dipunginakakên kanggé mantunakên tiyang 145 ingkang gêrah mênikå saking asiling olah napas ingkang dipuntindakakên dhukun sajatos. Salêbêting olah napas, dhukun sajatos pikantuk dåyå prana saking håwå ingkang dipunsêdhot. Istilah prana mênika asalipun saking filsafat Hindu Kunå ingkang atêgês energi alam. Dåyå prana kapérang dados tiga, inggih mênika prana bumi, prana srêngéngé, såhå prana håwå. Mliginipun kanggé mantunakên tiyang ingkang gêrah, dåyå prana ingkang asring kaginakakên inggih mênika prana håwå. Awit prana håwå langkung gampil dipunkuwaosi såhå langkung efektif kanggé pengobatan http:psikologipsikis.blogspot.com201010pengobatan- dengan-tenaga-prana.html diunduh pada tanggal 3 April 2014, pukul 21.00 Taksih saking sumbêr ingkang sami, dåyå prana kanggé pengobatan dipunginakakên kanggé deteksi såhå ngicalakên energi negatif ing badan. Salêbêting mantunakên tiyang gêrah, dhukun sajatos nyalurakên dåyå prana dhatêng pasien utawi tiyang ingkang gêrah. Cårå ingkang dipunginakakên adatipun kanthi ngadhêpakên têlapak astå dhukun sajatos dhatêng tiyang ingkang gêrah, utawi kanthi nyêpêng titik-titik tartamtu.