Paédahing Panalitèn

15 naskah menunjukkan pengertian sesuatu yang konkrit. Saking andharan mênikå sagêd kadamêl dudutanipun bilih naskah mênikå nêdahakên satunggaling barang, ingkang awujud konkret, wontên ing riki sagêd awujud buku ingkang sagêd dipuntingali såhå dipuncêpêng. Pangêrtosan naskah salajêngipun miturut Poerwadarminta lumantar Darusuprapta, 1985: 1 bilih naskah mênikå anggitan ingkang sinêrat mawi astå utawi salinanipun. Naskah utawi handschrift utawi manuscript minångkå sêratan astå ingkang ngêwrat asiling budåyå bångså jaman kinå. Gayut kaliyan prakawis mênikå, Robson 1988: 2 ngandharakên bilih manuskirp saking kasusastran Indonesia dipunsêrat mawi mapintên-pintên jinis båså gumantung kaliyan asaling panganggit. Wondéné naskah Jawi inggih mênikå naskah ingkang dipunsêrat mawi båså Jawi inggih mênikå båså Jawi Kinå, Jawi Pertengahan, såhå Jawi gagrak énggal Mulyani, 2009: 1. Saking andharan-andharan ngéngingi pangêrtosan naskah ing nginggil, sagêd kadudut têgêsipun naskah. Naskah mênikå sadåyå anggitan ingkang sinêrat carik, ingkang asli menåpå déné salinan-ipun. Adhêdhasar pangêrtosan naskah ing nginggil, ingkang dados objek panalitèn mênikå naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå. Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang dipunginakakên awujud sêratan carik. Wondéné andharan ngéngingi teks Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kaandharakên ing pérangan pangêrtosing teks. 16

b. Pangêrtosan Teks

Teks inggih mênikå isining naskah utawi manuskrip utawi handschrift. Wontên ing Kamus Istilah Filologi 1977: 85, teks inggih mênikå têmbung utawi ukårå ingkang dados sêratan utawi karya tulis utawi naskah. Onions lumantar Darusuprapta, 1984:1, ngandharakên bilih teks inggih menika rêronc ѐ ning têtêmbungan minångkå wacana ingkang ngêwrat bab tartamtu. Wondéné miturut Baroroh-Baried 1994: 57, teks inggih mênikå prakawis ingkang kawrat utawi muatan ing naskah. Teks mênikå sipatipun abstrak , namung sagêd kaangên-angên kémawon. Teks inggih mênikå rêroncèning têtêmbungan ingkang mujudakên waosan kanthi isi tartamtu utawi andharan ingkang kawrat ing salêbêting naskah Mulyani, 2009: 2. Teks ugi dipuntêgêsi minångkå andharan ingkang nambahi sêsêrêpan ngéngingi kabudayan satunggaling bångså wontên ing jaman rumiyin, ingkang dipunandharakên kanthi lésan utawi sêratan. Teks mênikå kasusun saking kalih pérangan. Miturut Mulyani 2009: 3 adhêdhasar andharan wontên Teori Pengkajian Filologi bilih teks kasusun saking kalih pérangan inggih mênikå isi kaliyan bêntuk content and form. Isi teks inggih mênikå pamanggih-pamanggih, pesan utawi amanat ingkang badhé dipunandharakên panganggit dhatêng pamaos. Miturut sarånå kanggé ngandharakên teks wontên warni tigå, inggih mênikå 1 awujud lêsan teks lisan , 2 awujud sêratan carik teks naskah, såhå 3 awujud sêratan cithak teks cetak. Wondéné ngèlmi ingkang kanggé nyinaoni mênåpå kémawon ingkang gayut kaliyan teks dipunwastani tekstologi.