Inventarisasi Naskah Lampahing Panalitèn Filologi

23 f rupinipun mangsi: cêmêngcoklatbiruabrit; g dipunsêrat wontên dlancang kiwå verso utawi têngên rekto; h sêratanipun gampil kawaos mênåpå botên; i kasêrat déning tiyang ingkang sampun kulinå nyêrat mênåpå tiyang ingkang awis nyêrat. 10 båså: ngginakakên ragam båså mênåpå, båså Jawi ragam kråmå, ngoko, mênåpå campuran. Kadospundi mênggah båså ingkang dipunginakakên, baku, ênggèn-ênggènan, mênåpå campuran, wontên pangaribawaning båså sanès mênåpå botên; 11 sêratan déning tiyang sanès: Wontên salêbêting teks: kåcå pintên, wontên pundi, kadospundi; Wontên sajawinipun teks wontên sisih pinggir: kåcå pintên, wontên pundi kadospundi; 12 sêratan wontên papan sanès: dipunandharaken wontên daftar naskahkatalogusartikel ingkang pundi kémawon, kadospundi gêgayutin satunggal kaliyan sanèsipun, kesan ngéngingi mutu sabên sêratan. Deskripsi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå gayut kaliyan panyimpêning naskah, irah-irahaning naskah, ukuraning naskah, ukuraning teks, isining naskah, jinising naskah, sêratan, såhå båså ingkang dipunginakakên.

c. Transliterasi

Transliterasi miturut Baroroh-Baried 1985: 65, inggih mênikå alih aksårå kanthi nggantos jinising sêratan, aksårå mawi aksårå saking satunggaling 24 abjad dhatêng abjad sanès. Sêrataning teks mawi aksårå ingkang botên sami kaliyan aksaraning teks. Wondéné miturut Robson 1994: 24 transliterasi didefinisikan sebagai pemindahan dari satu tulisan ke tulisan yang lain . Wontên ing Kamus Istilah Filologi 1977: 4 ngandharakên bilih transliterasi inggih mênikå penggantian huruf demi huruf dari abjad yang satu ke abjad yang lain, lepas dari pada lafal bunyi kata yang sebenarnya . Transliterasi mênikå wigatos sangêt kanggé mangêrtosi teks-teks kina ingkang dipunsêrat mawi aksårå daérah. Aksårå daérah ingkang dipunginakakên kanggé nyêrat naskah kathah-kathahipun inggih mênikå aksårå Jåwå. Ananging, kathah-kathahipun masarakat samênikå sampun botên têpang malih dhatêng aksårå daérah Baroroh-Baried, 1985: 65. Pramilå, panggaraping naskah kanthi transliterasi mênikå dipunkajêngakên sagêd nggampilakên masarakat anggènipun nyinau naskah. Wontên sapérangan prakawis ingkang kêdah dipungatosakên nalikå badhé damêl transliterasi Mulyani, 2009: 21. Prakawis ingkang kêdah dipungatosakên mênikå sagêd dipunwaos wontên andharan ngandhap mênikå. 1 Sêsêrêpan ngéngingi tåtå panyêrating aksårå ingkang dipunginakakên wontên ing naskah såhå sipat aksårå ingkang dipunginakakên kanggé damêl transliterasi . 2 Sipatipun aksårå wontên naskah såhå sipat aksårå ingkang dipunginakakên kanggé damêl transliterasi wontên ing riki mliginipun tåtå panyêrating têmbung. 3 Ejaan, inggih mênikå kanggé ngajêgakên variasi ejaan naskah, pengejaan 25 têmbung-têmbung pinjaman, mliginipun wontên teks ingkang awujud puisi utawi måcåpat. 4 Pungtuasi, inggih mênikå tåndhå pamaos kanggé tåndhå panuturing ukårå koma, titik koma, titik, titik kalih, tåndhå pakèn, tåndhå pitakèn, såhå tåndhå petik sartå tåndhå metra tunggal utawi metrum jamak wontên naskah ingkang dhapukanipun sêkar utawi måcåpat, inggih mênikå watêsaning larik, watêsaning pupuh, såhå sêkar Darusuprapta, 1985; Mulyani, 2009: 21. Wontên kalih metode ingkang sagêd dipuncakakên kanggé transliterasi. Miturut Mulyani 2009: 10-11, metode transliterasi mênikå dipunpérang dados metode transliterasi diplomatik såhå metode transliterasi standar. Andharan ngéngingi kalih metode kasêbut sagêd kawaos ing ngandhap mênikå. 1 Metode transliterasi diplomatik, inggih mênikå cårå anggènipun damêl alih aksårå sêrataning teks ingkang kasêrat mênåpå wontênipun kados déné sêrataning teks-ipun kanthi aksårå ingkang bédå. 2 Metode transliterasi standar utawi baku, inggih mênikå cårå anggènipun damêl alih aksårå sêrataning teks ingkang kasêrat adhêdhasar utawi sampun kajumbuhakên kaliyan ejaan ingkang lêrês utawi kajumbuhakên kaliyan Ejaan yang Disempurnakan EYD ingkang taksih dipunanggé kanthi aksårå ingkang bédå. Metode transliterasi mênikå dipuncakakên gumantung pangangkah ingkang badhé dipungayuh. Pangangkah metode transliterasi diplomatik, inggih mênikå kanggé ngrêmbakakên sêratan naskah kados mênåpå wontênipun nanging wontên ing aksårå ingkang bédå. Wondéné pangangkah metode transliterasi