Bab Dhahar Analisis Isi utawi Pangrêmbaging Isinipun Teks Sêrat Ngèlmu

145 ingkang gêrah mênikå saking asiling olah napas ingkang dipuntindakakên dhukun sajatos. Salêbêting olah napas, dhukun sajatos pikantuk dåyå prana saking håwå ingkang dipunsêdhot. Istilah prana mênika asalipun saking filsafat Hindu Kunå ingkang atêgês energi alam. Dåyå prana kapérang dados tiga, inggih mênika prana bumi, prana srêngéngé, såhå prana håwå. Mliginipun kanggé mantunakên tiyang ingkang gêrah, dåyå prana ingkang asring kaginakakên inggih mênika prana håwå. Awit prana håwå langkung gampil dipunkuwaosi såhå langkung efektif kanggé pengobatan http:psikologipsikis.blogspot.com201010pengobatan- dengan-tenaga-prana.html diunduh pada tanggal 3 April 2014, pukul 21.00 Taksih saking sumbêr ingkang sami, dåyå prana kanggé pengobatan dipunginakakên kanggé deteksi såhå ngicalakên energi negatif ing badan. Salêbêting mantunakên tiyang gêrah, dhukun sajatos nyalurakên dåyå prana dhatêng pasien utawi tiyang ingkang gêrah. Cårå ingkang dipunginakakên adatipun kanthi ngadhêpakên têlapak astå dhukun sajatos dhatêng tiyang ingkang gêrah, utawi kanthi nyêpêng titik-titik tartamtu. 146

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Asiling panalitèn såhå pangrêmbagipun naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå sampun dipunandharakên ing bab IV. Adhêdhasar pangrêmbagipun ing bab IV, sagêd dipunpêndhêt dudutan ingkang kaandharakên ing ngandhap mênikå. 1. Inventarisasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå Inventarisasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ing panalitèn mênikå dipunlampahi kanthi studi katalog såhå pengamatan langsung utawi mangêrtosi piyambak kawontênaning naskah ing Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta. Gunggunging naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå namung satunggal eksemplar. 2. Deskripsi Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå salah satunggaling naskah koleksi Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta. Naskah kasêbut kapanggihakên ing Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Museum Sonobudoyo, Yogyakarta Jilid I Behrend, 1990: 659 kanthi nomer koleksi PBC 194. Naskah taksih sagêd dipuwaos, sêratanipun taksih cêtha kasêrat ngginakakên mangsi warni cêmêng såhå warni abrit kanggé mratandhani pérangan koreksi ingkang lêpat utawi kléntu. Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kasêrat mawi aksårå Jåwå, déné wujuding aksårå mbåtå sarimbag. Basaning teks ingkang dipunginakakên ing 147 salêbêting teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå inggih mênikå båså Jawi gagrag anyar. Wondéné ragam båså ingkang kaginakakên ragam båså Jawi Ngoko-Alus. 3. Trasliterasi Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå Metode transliterasi ingkang dipunginakakên wontên ing panalitèn naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå, inggih mênikå metode transliterasi standar saking aksårå Jåwå dhatêng sêratan aksårå Latin. Têmbung ingkang dipunsêrat kandêl, mratandani bilih têmbung mênikå kirang trêp, lajêng dipunjumbuhakên kaliyan pandom ingkang gumathok wontên pérangan suntingan. Transliterasi standar dipunginakakên kanggé alih teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kanthi pangangkah kanggé nglêrêsakên kalêpatan såhå sêratan teks ingkang botên ajêg, sartå nggampilakên 4. Suntingan Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå Suntingan teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipungarap adhêdhasar asiling transliterasi standar teks sêrat kasêbut. Metode suntingan ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênikå suntingan teks edisi standar. Metode suntingan teks edisi standar dipunginakakên awit kanthi metode mênikå kalêpatan såhå sêratan ingkang botên ajêg sagêd dipunlêrêsakên, satêmah sagêd nggampilakên panaliti såhå pamaos mangêrtosi isining teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå. 5. Terjemahan Teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå Metode terjemahan teks ingkang dipunginakakên wontên panalitèn ngéngingi Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, inggih mênikå terjemahan harfiah, terjemahan isi , såhå terjemahan bebas ingkang dipungarap kanthi kontekstual.