Teknik Analisis Data CÅRÅ PANALITÈN

47 Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kasêrat wontên ing ngandhap mênikå. Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå kapanggihakên ing kalih katalog , inggih mênikå Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara, Jilid I Behrend, 1990 kaliyan Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Fakultas Sastra UI Jilid 3-A Behrend, 1997. Saking kalih katalog mênikå sagêd dipunpanggihakên katrangan ngéngingi papan panyimpêning naskah, inggih mênikå wontên ing Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta.

B. Deskripsi Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå

Sumber data ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênikå naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang kasimpên ing Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta. Kawontênaning naskah såhå teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kaandharakên wontên tabel ngandhap mênikå. Tabel 4: Asiling deskripsi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå No. Katrangan Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå 1. Nomer kodeks PBC 194 2. Papan panyimpênipun Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta 3. Manggala - 4. Kolofon - 5. Kawontênanipun naskah Naskah taksih sae. Jilidanipun taksih kêncêng. Sêratanipun taksih sagêd dipunwaos. 6. Jinis bahan naskah Dlancang 7. Gunggungipun larik sabên kåcå 24 larik 48 Lajêngipun tabel No. Katrangan Naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå 8. Kandêlipun naskah 0,8 cm 9. Ukuraning naskah Wiyar: 17 cm Panjangipun: 20,5 cm 10. Ukuraning teks Wiyar: 12,2 cm Panjangipun: 18 cm 11. Ukuran margin teks e. Top inggil f. Bottom ngandhap g. Right têngên h. Left kiwå a. 1,6 cm b. – c. 1,6 cm d. 3 cm 12. Isining naskah satunggal mênåpå kêm- palan saking mapintên- pintên teks Satunggal naskah ingkang kasusun saking kalih teks 1. Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå , såhå 2. Bausastrå 13. Jinis naskah Piwulang 14. Dhapukanipun teks Gancaran 15. Samak naskah warni mênåpå, wujudipun kadospundi, kawontênanipun kadospundi, kadamêl saking mênåpå Samak naskah saking dlancang jinis karton warni cêmêng, samak taksih katingal saé. Wontên sêratan irah-irahan ing samaking naskah. Irah-irahaning naskah kasêrat mawi aksårå Latin såhå mawi aksårå Jåwå. Samakipun kados ing gambar ngandhap mênikå: 16. Jinis aksårå naskah Aksårå Jåwå