Pangêrtosan Filologi Filologi

17 Saking mapintên-pintên pangêrtosaning teks sagêd dipunpêndhêt dudutanipun bilih teks mênikå nêdahakên muatan ingkang kawrat wontên naskah, ingkang asipat abstrak. Teks mênikå sagêd dipunmangêrtosi sasampunipun dipunwaos. Makatên ugi isining Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå sagêd dipunmangêrtosi sasampunipun dipunwaos. Isining andharan Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå ngêwrat babagan mistik Islam ingkang gayut lampahing anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå.

3. Aliran Filologi

Filologi mênikå wontên kalih aliran, inggih mênikå aliran filologi tradisional såhå aliran filologi modern. Aliran filologi mênikå wontên kanthi jalaran kathahipun penyalinan berulang-ulang têtilaran kabudayan ingkang sinêrat satêmah ngasilakên wujuding salinan ingkang bermacam-macam varian Baroroh-Baried, 1985: 1-2. Pramilå, wontên sikap pandang ngéngingi variasi salêbêting teks-teks ingkang kawrat wontên naskah¸ inggih mênikå aliran filologi tradisional såhå aliran filologi modern Mulyani, 2009: 6. Andharan ngéngingi aliran filologi mênikå sagêd kawaos wontên ing ngandhap mênikå. a Aliran filologi tradisional mênikå memandang variasi sebagai bentuk korup. Filologi tradisional mênikå nêngênakên panalitèn mungguhing waosan ingkang risak Baroroh-Baried, 1985: 2. Ancasing aliran folologi tradisional inggih mênikå kanggé manggihakên bêntuk wiwitaning teks utawi bêntuk ingkang paling cêlak kaliyan aslinipun. b Aliran filologi modern mênikå memandang variasi sebagai bentuk kreasi. 18 Ancasing filologi modern inggih mênikå kanggé nêmtokakên maknå kreasi wontên ing variasi. Adhêdhasar kalih aliran filologi ing nginggil, panalitèn mênikå ngginakakên aliran filologi modern. Bab mênikå kajumbuhakên kaliyan ancasing panalitèn, inggih mênikå kanggé mangêrtosi, nglêrêsakên, såhå menafsirkan teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåw a, kagayutakên kaliyan ngèlmi bab båså, kasusastran, såhå kabudayan.

4. Ancasipun Filologi

Panalitèn filologi mênikå wontên ancasipun. Miturut Baroroh-Baried 1994: 8, ancasipun filologi wontên kalih pérangan. Ancasing panalitèn mênikå kapérang dados ancas umum kaliyan ancas khusus. Ancas umum panalitèn filologi wontên warni tiga, inggih mênikå; 1 mangêrtosi kadospundi kabudayan satunggaling bångså lumantar têtilaran kabudayan ingkang kasêrat naskah, 2 ngandharakên fungsi utawi mumpangatipun teks tumraping masarakat panampinipun utawi pamaosipun, ing jaman rumiyin såhå ing jaman samênikå, såhå 3 mahyakakên nilai-nilai budåyå jaman rumiyin minångkå alternatif kanggé ngembangakên kabudayan. Wondéné ancas khusus panalitèn filologi wontên sakawan inggih mênikå; 1 mahyakakên bentuk wiwitaning teks ingkang kasimpên salêbêting têtilaran kabudayan ingkang sinêrat, utawi menyunting teks ingkang dipunraos paling cêlak kaliyan aslinipun, 2 ngandharakên sêjarah dadosipun teks såhå sêjarah perkembangan teks , 3 ngandharakên resepsi utawi panampinipun masarakat