Jinising Panalitèn CÅRÅ PANALITÈN
37 ingkang kaginakakên wontên panalitèn mênikå ngginakakên tåtå têmbung wontên
kamus, inggih mênikå Baoesastra Djawa såhå ejaan båså Jawi ingkang gumathok.
Lampah kanggé nglêrêsakên mênikå sagêd kanthi ngéwahi sêratan ingkang sagêd kanthi nambahi, ngirangi, utawi nggantos sêrataning teks Sêrat
Ngèlmu Dåyåprabåwå . Ancasing ndamêl suntingan mênikå kanggé nggampilakên
pamaosing teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå. 5.
Terjemahan Teks Terjemahan
ingkang kaginakakên ing panalitèn mênikå, inggih mênikå metode terjemahan harfiah, isi,
såhå bebas. Terjemahan harfiah, inggih mênikå terjemahan
têmbung mawi têmbung. Ananging, terjemahan teks mênikå botên cêkap kanthi nêgêsi sabên têmbungipun kémawon. Salajêngipun, terjemahan teks
ugi kêdah dipunjumbuhakên kaliyan isining teks. Manawi terjemahan isi botên sagêd kaginakakên ngasilakên terjemahan teks ingkang trêp, salajêngipun
kaginakakên terjemahan bebas. Sadåyå cåråning terjemahan teks mênikå dipunkajêngakên supados sagêd ngasilakên terjemahan ingkang langkung
kontekstual, satêmah langkung cêthå.
Terjemahan teks dipundamêl supados teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå
sagêd langkung gampil dipunmangêrtosi déning masarakat. Sanèsipun, ancasaing terjemahan
mênikå kanggé nggampilakên panaliti nêgêsi teks. 6.
Analisis Isi Analisis isi
wontên panalitèn mênikå katindakakên kanthi nêgêsi teks. Metode
nêgêsi teks ingkang katindakakên, inggih mênikå kanthi cårå pamaosing teks
heuristik, såhå hermeneutik. Pamaosing teks kanthi cårå heuristik, inggih
38 mênikå cårå maos kanthi tliti såhå ngatos-atos, madosi têgêsing têmbung-têmbung
ingkang jumbuh kaliyan konvensi båså utawi nêgêsi kanthi jumbuh kaliyan têgêsing têmbung ing bausastrå.
Wondéné pamaosing teks kanthi cårå hermeneutik katindakakên kanggé mangêrtosi têgêsing teks miturut maksud-ipun. Pamaosing teks kanthi cårå
hermeneutik katindakakên kanthi dhasar têgêsing têtêmbungan ingkang tersirat
wontên teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå. Ancasipun pamaosing teks kanthi cårå hermeneutik,
inggih mênikå kanggé ngandharakên piwulang ingkang kawrat wontên teks kasêbut.