Undêraning Prakawis PURWÅKÅ

12 c Asiling ngéwahi båsåning teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kaangkah sagêd nggampilakên pamaos ingkang botên paham bab båså Jawi satêmah sagêd mangêrtosi isining sêrat mênikå. d Asiling deskripsi ngéngingi isining Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kaangkah sagêd nambahi sêsêrêpaning pamaos gayut kaliyan kawontênanipun Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå .

G. Pangêrtosanipun Têmbung-têmbung ing Irah-irahan

Kajian filologi inggih mênikå asiling telaah ngèlmi ingkang kawrat ing anggitan kinå utawi karya tulis kinå ingkang awujud naskah kanthi ngginakakên garapaning panalitèn filologi. Garapaning panalitèn filologi dipuntindakakên kanthi lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå 1 inventarisasi naskah, 2 damêl deskripsi naskah, 3 transliterasi teks, 4 suntingan teks, 5 terjemahan, sartå 6 analisis andharan isinipun teks. Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå inggih mênikå salah satunggaling irah-irahan naskah Jawi jinis piwulang dipunsimpên wontên ing Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta kanthi nomer PBC 194. Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå anggitanipun R.Ng Pujaharja rikålå taun 1926, wontên ing Suråkårtå, ngêwrat ngèlmi kadibyan, kasantosan, pitêdah-pitêdah kanggé gladhèn, såhå mumpangatipun. 13

BAB II GÊGARAN

TEORI A. Teori ingkang Jumbuh Teori dipunbêtahakên kanggé nindakakên satunggaling panalitèn, inggih mênikå kanggé dhasar lampahing panalitèn ingkang badhé katindakakên. Teori ingkang gayut, ingkang dipunbêtahakên wontên ing panalitèn mênikå, inggih mênikå teori bab lampahing panalitèn filologi. Teori sanès ingkang dipunginakakên inggih mênikå teori kanggé naliti isining teks piwulang. Piwulang wontên panalitèn mênikå gayut kaliyan piwulang lampahing gêsang, mliginipun ingkang magêpokan kaliyan caranipun anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå.

B. Filologi

1. Pangêrtosan Filologi

Filologi asalipun saking båså Yunani philos kaliyan logos. Philos atêgês ‘trêsna’ såhå têmbung logos têgêsipun ‘têmbung’. Adhêdhasar katrangan mênikå, têmbung filologi mênikå atêgês trêsna dhatêng têtêmbungan Baroroh-Baried, 1985: 1. Pangêrtosan filologi wontên Kamus Istilah Filologi Tim Penyusun, 1977: 27, inggih mênikå ngèlmu ingkang nyinaoni bab ingkang gayut kaliyan rohani satunggaling bångså såhå pamijènipun, utawi ingkang nyinaoni kabudayan adhêdhasar båså såhå bab ingkang gayut kaliyan sastranipun. Wondéné miturut Baroroh-Baried 1985: 1, filologi dipuntêgêsi salah satunggaling sêsêrêpan ingkang ngêwrat mapintên-pintên pangêrtosan gayut kalian bab sasta, ugi gayut