137
porse salêbêting yoga. Mênikå kanggé antisipasi terhadap cidera, awit fierce
pose nglatih kakiyatan ing jêngku, satêmah jêngku langkung kiyat. Fierce porse
ugi kanggé nglêrêsakên posisi badan ingkang kirang saé http:blogging.co.id
tips-dan-gerakan-senam-yoga-untuk-pemula , diunduh pada tanggal 11 April
2014, pukul 3.34 .
5. Pangunjal Napas
Pangunjal napas utawi bernapas mênikå kabêtahan ingkang ångkå satunggal tumraping manungså. Manungså taksih sagêd gêsang tanpå dhahar såhå ngunjuk
kanggé sawatawis dintên, nanging botên sagêd gêsang manawi botên ambêgan sawatawis wêkdal kémawon. Tiyang limrah sagêd ngêmpêt botên ambêgan
antawisipun 30-60 detik kémawon http:mp.org.ittelkom.ac.id201211 olah-
pernafasan-dan-kesehatan , diunduh pada tanggal 3 April 2014, pukul 21.00
Taksih saking sumbêr ingkang sami, pangunjaling napas awrat sangêt kanggé manungså, awit kabêtahan oksigen wontên ing ludira, pembuluh saraf,
såhå utak dipunjangkêpi kanthi cårå ambêgan. Ananging, kathah tiyang ingkang botên pati nggatosakên caraning unjal napas ingkang lêrês. Sadintên-dintên,
kathah-kathahipun manungså namung ngginakakên 20-30 kapasitas paru-paru kanggé ambêgan. Pramilå, supados sagêd maksimal, prêlu dipuntindakakên olah
napas. Gladhèn olah napas ing ngriki mliginipun gayut kaliyan lampah anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå.
“Sabên énjing sadèrèngipun wiwit nglampahi, kêdah ngêningakên ciptå gangsal mênit, inggih mênikå botên manggalih ingkang nékå-nékå,
sanèsipun ngèsthi ingkang badhé linampahan ngunjal napas, kanthi mirsani lampahing sêkon pandomaning jam. Matrapakên ngunjal
138
napas supados sampun kénging ing rubédå mirêng swantên grobyagan, prayogi mlêbêt ing kamar ingkang sêpên sangêt, ingkang rêsik
gumrining sartå ingkang ngrêsêpakên, mênåpå déné sampun sadhiyå
jam. ” kåcå 105-106
Lampah mênikå katindakakên kanthi pangangkah supados langkung gampil
musatakên pênggalih. Awit, salêbêtipun anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå kêdah fokus,
botên parêng mênggalih mênåpå kémawon sasanèsipun ngèsthi ingkang linampahan.
“Lajêng manggèn lênggah ingkang sakécå, upami ing kursi ingkang wontên tanganipun, jumênêng anjêjêr ugi kénging, jåjå mungal,
pundhak mawingking, muståkå jêjêg, tutuk mingkêm, mirsani
lampahing jam. ” kåcå 106
Patrapan jåjå mungal, pundhak mawingking, såhå muståkå jêjêg mênikå
wontên pangangkahipun. Pangangkah patrapan mênikå supados sagêd menyebabkan stimulus untuk mengoptimalkan fungsinya cabang besar saraf di
bahu pleksus brakialis dalam merangsang saraf pada organ paru, jantung, liver,
ginjal, lambung,
dan usus
sehingga metabolisme
optimal http:health.kompas.comread201008301201439Inilah.Senam.Ergonomis.dan
, diunduh pada tanggal 11 April 2014 pukul 3.45. Salajêngipun kaandharakên bilih panggulang mênikå kanthi saré malumah
inggih kénging, supados saranduning badan sagêd dhangan, nanging manawi sampun sumêdyå badhé saré botên kénging anggêgulang, inggih namung
mliginipun saré kémawon awit manawi ngantos kalajêng ngantuk dados jugar lampahipun. Ndadosakên lampah anggêgulang ngèlmu mênikå botên sampurnå.
Taksih saking sumber ingkang sami, malumah mênikå dipuntindakakên kanthi pangangkah supados saraf-saraf ingkang wontên ing tulang belakang