Pangêrtosanipun Têmbung-têmbung ing Irah-irahan

16

b. Pangêrtosan Teks

Teks inggih mênikå isining naskah utawi manuskrip utawi handschrift. Wontên ing Kamus Istilah Filologi 1977: 85, teks inggih mênikå têmbung utawi ukårå ingkang dados sêratan utawi karya tulis utawi naskah. Onions lumantar Darusuprapta, 1984:1, ngandharakên bilih teks inggih menika rêronc ѐ ning têtêmbungan minångkå wacana ingkang ngêwrat bab tartamtu. Wondéné miturut Baroroh-Baried 1994: 57, teks inggih mênikå prakawis ingkang kawrat utawi muatan ing naskah. Teks mênikå sipatipun abstrak , namung sagêd kaangên-angên kémawon. Teks inggih mênikå rêroncèning têtêmbungan ingkang mujudakên waosan kanthi isi tartamtu utawi andharan ingkang kawrat ing salêbêting naskah Mulyani, 2009: 2. Teks ugi dipuntêgêsi minångkå andharan ingkang nambahi sêsêrêpan ngéngingi kabudayan satunggaling bångså wontên ing jaman rumiyin, ingkang dipunandharakên kanthi lésan utawi sêratan. Teks mênikå kasusun saking kalih pérangan. Miturut Mulyani 2009: 3 adhêdhasar andharan wontên Teori Pengkajian Filologi bilih teks kasusun saking kalih pérangan inggih mênikå isi kaliyan bêntuk content and form. Isi teks inggih mênikå pamanggih-pamanggih, pesan utawi amanat ingkang badhé dipunandharakên panganggit dhatêng pamaos. Miturut sarånå kanggé ngandharakên teks wontên warni tigå, inggih mênikå 1 awujud lêsan teks lisan , 2 awujud sêratan carik teks naskah, såhå 3 awujud sêratan cithak teks cetak. Wondéné ngèlmi ingkang kanggé nyinaoni mênåpå kémawon ingkang gayut kaliyan teks dipunwastani tekstologi. 17 Saking mapintên-pintên pangêrtosaning teks sagêd dipunpêndhêt dudutanipun bilih teks mênikå nêdahakên muatan ingkang kawrat wontên naskah, ingkang asipat abstrak. Teks mênikå sagêd dipunmangêrtosi sasampunipun dipunwaos. Makatên ugi isining Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå sagêd dipunmangêrtosi sasampunipun dipunwaos. Isining andharan Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå ngêwrat babagan mistik Islam ingkang gayut lampahing anggêgulang ngèlmu dåyåprabåwå.

3. Aliran Filologi

Filologi mênikå wontên kalih aliran, inggih mênikå aliran filologi tradisional såhå aliran filologi modern. Aliran filologi mênikå wontên kanthi jalaran kathahipun penyalinan berulang-ulang têtilaran kabudayan ingkang sinêrat satêmah ngasilakên wujuding salinan ingkang bermacam-macam varian Baroroh-Baried, 1985: 1-2. Pramilå, wontên sikap pandang ngéngingi variasi salêbêting teks-teks ingkang kawrat wontên naskah¸ inggih mênikå aliran filologi tradisional såhå aliran filologi modern Mulyani, 2009: 6. Andharan ngéngingi aliran filologi mênikå sagêd kawaos wontên ing ngandhap mênikå. a Aliran filologi tradisional mênikå memandang variasi sebagai bentuk korup. Filologi tradisional mênikå nêngênakên panalitèn mungguhing waosan ingkang risak Baroroh-Baried, 1985: 2. Ancasing aliran folologi tradisional inggih mênikå kanggé manggihakên bêntuk wiwitaning teks utawi bêntuk ingkang paling cêlak kaliyan aslinipun. b Aliran filologi modern mênikå memandang variasi sebagai bentuk kreasi.