Suntingan Teks Lampahing Panalitèn Filologi

30

f. Analisis Isi

Lampah panalitèn filologi ingkang pungkasan inggih mênikå nêgêsi isining teks utawi analisis ngrêmbag isining teks. Wontên panalitèn naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå mênikå dipun-analisis isining teks kagayutakên kaliyan ngèlmu kasarasan såhå piwulang.

C. Penalaran Panalitèn

Panalitèn mênikå kaangkah kanggé ngasilakên satunggal suntingan teks Jåwå ingkang siap dipuntampi déning masarakat. Teks suntingan mênikå dipunasilakên minångkå krénah kanggé nyêlamêtakên såhå nglêstantunakên naskah kinå. Sasanèsipun mênikå, supados masarakat langkung gampil anggènipun mangêrtosi amanat utawi pitutur ingkang dipunwrat salêbêting naskah . Teks ingkang dipunpilih inggih mênikå Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå. Pamilihing teks mênikå miturut lampah panalitèn filologi ingkang kaping sapisanan, inggih mênikå inventarisasi naskah. Teks dipunpanggihakên wontên ing buku Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Jilid I T. E. Behrend, 1990:463 kanthi nomer koleksi PBC 194. Bahasa Jawa Aksara Jawa Prosa Rol 98 No. 8 ; kanthi irah-irahan Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang dados salah satunggaling koleski Perpustakaan Museum Sonobudoyo, Yogyakarta. Salajêngipun dipungarap kanthi lampah panalitèn filologi ingkang ångkå kalih. inggih mênikå deskripsi naskah ingkang ancasipun ngandharakên kawontênanipun naskah. 31 Lampah panalitèn filologi salajêngipun, inggih mênikå transliterasi dhatêng aksårå Latin. Dipunlajêngakên suntingan naskah, inggih mênikå nglêrêsakên kalêpatan wontên ing naskah dipunjumbuhakên kaliyan pandom ingkang gumathok. Nalikå nindakakên suntingan naskah, ugi damêl aparat kritik, inggih mênikå, minångkå wujud tanggêljawab ilmiah panaliti dhatêng suntingan- ipun. Lampah panalitèn salajêngipun inggih mênikå terjemahan utawi alih båså. Terjemahan wontên ing panalitèn mênikå katindakakên kanthi cårå, nggantos båså Jawi dhateng båså Indonesia. Supados pamaos ingkang botên sagêd maos aksårå Jåwå langkung gampil nyinaoni isining andharan naskah. Lampah panalitèn filologi ingkang, pungkasan inggih mênikå analisis isi. Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang sampun dipun-terjemah-akên mênikå lajêng dipun-analisis isinipun teks.

D. Panalitèn ingkang Jumbuh

Panalitèn ingkang jumbuh kaliyan panalitèn mênikå, Kajian Filologi Wontên Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, inggih mênikå panalitèn kanthi irah-irahan “Kajian Filologi såhå Anggêr-anggêr Sêrat Anggêring Nagari” déning Wahyu Aji warså 2013. Panalitèn ingkang jumbuh mênikå dipunginakakên kanggé pandom utawi rujukan awit konsep-ipun sami kaliyan panalitèn mênikå. Sasanèsipun mênikå, panalitèn ingkang jumbuh ugi dipunginakakên minångkå katrangan pasêksèn bilih panalitèn mênikå dèrèng naté dipuntliti. 32 Jumbuh antawisipun panalitèn mênikå kaliyan panalitèn ingkang dipuntindakakên kaliyan Wahyu Aji warså 2013 sagêd katitik saking metode såhå teknik panalitèn ingkang dipunginakakên kanggé nggarap naskah. Panalitèn mênikå ngginakakên konsep metode panalitèn filologi mlignipun aliran filologi modern. Wondéné teknik panalitèn ingkang dipunginakakên inggih mênikå teknik analisis deskripsif. Kajawi mênikå lampahing garapan panalitèn filologi inggih mênikå inventarisasi manuskrip utawi naskah, transliterasi teks, suntingan teks, terjemahan teks sartå analisis isining teks. Prakawis sanès ingkang sagêd dipunginakakên minångkå titikan jumbuhing panalitèn antawisipun kalih panalitèn kasêbut, inggih mênikå saking metode transliterasi ingkang dipuncakakên. Metode transliterasi-nipun inggih mênikå metode transliterasi standar. Ringkêsing prakawis ingkang dipunginakakên kanggè titikanipun jumbuhing panalitèn sagêd dipunwaos ing tabel ngandhap mênikå. Tabel 1. Deskripsi Panalitèn ingkang Jumbuh No. Prakawis Sêrat Anggêring Nagari Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå 1. Jinising panalitèn Filologi modern deskriptif Filologi modern deskriptif 2. Objek Naskah Naskah 3. Metode Transliterasi Transliterasi Standar Transliterasi Standar