Ampun Remen Nlikung Liyan Rukun Karya

sami. Gendhing Uri-uri menika ngawrat piwulang moral ampun remen mbeda-mbedakake mring liyan, katitik saking cakepan gedhe cilik padha methik. Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng kangge tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang dipunjumbuhaken kaliyan kawontenanipun tiyang sane ing masyarakat .

j. Ampun Remen Nlikung Liyan

Manungsa ingkang gadhah sipat dengki utawi srei asring nlikung perkawis ingkang boten kagunganipun piyambak. Remen nlikung boten kalebet tumindak ingkang sae. Wujud piwulang moral ampun remen nlikung dhateng rejeki liyan kanthi sedaya upaya supados rejekinipun uwal menika boten sae, amargi tumindak menika saged ndadosaken tumindak ala sanesipun saged kapupuk, kadosta : fitnah , rerasan ingkang boten sae, lsp. Panaliten menika manggihaken piwulang moral ingkang awujud ampun remen nlikung liyan. Wujudipun piwulang moral ampun remen nlikung liyan menika kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Dhempo Talu Tameng. Dene cakepan ingkang ngewrat babagan wujud piwulang moral ampun remen nlikung liyan saged dipunpirsani kadosta wonten ing ngandhap menika. Nala jaya ditelikung . SW, 2012 :101 ciyet ciyet ciyet Nala jaya dibebencet . SW, 2012 : 101 Cakepan gendhinggendhing wonten ing nginggil menika ngandharaken bilih wonten kewan ingkang kasebat Nala Jaya ingkang wonten mriki saged mawi gambaran ngengingi manungsa ingkang saweg ditelikung dening manungsa sanesipun. Manungsa ingkang saweg dipuntlikung menika saged nandang lelara ciyet-ciyet ciyet menawi dipuntlikung dibebencet . Saking andharan ing nginggil saged kapethik dudutan bilih kekancan kanthi resiking ati boten kenging dipunparingi wos ingkang sejatosipun nuju kangge nlikung. Gendhing Dhempo Talu Tameng menika ngewrat piwulang moral ampun remen nlikung liyan, katitik saking cakepan nala jaya ditelikung, satemah saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti dipunjumbuh kaliyan kawontenanipun tiyang sanes wonten ing masyarakat .

k. Rukun Karya

Manungsa menika salahsatunggalipun makhluk sosial ingkang boten saged gesang piyambakan wonten ing donya menika. Manungsa kedah tansah tulung-tinulung kaliyan manungsa sanesipun. Tulung-tinulung menika kangge ngupaya supados manungsa saged rukun karya kaliyan sanesipun . Kelompok manungsa ingkang boten rukun karya wonten pagesangan menika saged nemahi crah. Regeng menika perkawis ingkang saged nuwuhaken kekiyatan ingkang boten saged kaetang. Kempalan manungsa setunggal kaliyan setunggalipun ingkang tansah regeng angel dipunadu, dene kosok wangsulipun bilih masyarakat menika boten regeng saged gampil dipunpecah dening para pihak-pihak ingkang boten sae. Panaliten menika manggihaken wujud piwulang moral rukun karya ingkang dipunbetahaken wonten ing gesang bebrayan. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral rukun karya kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Baris. Cakepan gendhing ingkang ngewrat piwulang rukun karya saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Ayo kanca kanca ndegeg padha maju baris manut aba-aba . SW, 2012 :104 Cakepan gendhing wonten ing nginggil ngandharaken bilih wonten salahsatunggalipun manungsa ingkang ajak-ajak kancanipun kanthi aba-aba ayo kanca-kanca. Kanca-kanca wonten ing mriki saged kanca tentara menapa saged ugi kawastan kanca tani, perkawis mekaten dipuntingali saking cakepan baris . Limrahipun baris menika asring dipuntindakaken dening para tentara, bocah sekolah lan para tani ingkang saweg nuju wonten ing pakaryan. Cakepan salajengipun ingkang aswara ndegeg padha maju ngandharaken bilih manungsa menika kedah ndegeg lan siap kangge ngadhepi pagesangan. Dene anggenipun nglampahi pagesangan wonten ing donya, manungsa kedah manut aba-aba parentah. Saking andharan ing nginggil saged kapethik dudutan bilih tiyang kedah regeng kaliyan tiyang sanesipun supados saged nemahi ancas ingkang badhe kagayuh. Gendhing Baris menika ngewrat piwulang moral rukun karya, katitik saking cakepan ayo kanca kanca ndegeg padha maju baris manut aba - aba ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti dipunjumbuhaken kaliyan kawontenanipun tiyang sanes wonten ing masyarakat .

l. Remen Peparing