Kanthi andharan wonten ing nginggil, saged dipunpanggihaken dudutan bilih sanajan dukun bayi sampun paring
prediksi
bilih lare ingkang badhe lair menika putra, ananging Gusti kersa bilih ingkang sae menika putri. Minangka
manungsa mliginipun tiyang sepuhipun, kedah saged narima perkawis ingkang dados kersaning Gusti kados kalawau. Gendhing
Bung-bung Legi
menika ngewrat piwulang moral narima kersaning Gusti katitik saking
tibane miyos putri,
perkawis menika negesaken bilih manungsa menika namung saged
usaha,
ananging Gusti ingkang nemtokaken. Perkawis bilih namung Gusti ingkang saged nemtokaken saged dados tetimbangan pamireng
anggenipun tumindak kedah dipundhasari kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang tansah narima kaliyan kersaning Gusti.
c. Pakurmatan Dhateng Tiyang Sanesipun
Piwulangan kanthi wujud pakurmatan dhateng tiyang sanesipun menika kalebet wonten ing jinising piwulang moral gegayutanipun manungsa kaliyan
manungsa. Kanthi paring pakurmatan, manungsa tansah saged gadhah tata krama kangge njagi raos dhumateng tiyang sanesipun. Manungsa ingkang
tansah nggatosaken lan pinter anggenipun paring pakurmatan dening tiyang sanesipun ugi badhe dipunajeni tumindakipun dening tiyang sanes. Dene
kosok-wangsulipun menawi tiyang menika kirang saged paring pakurmatan dhateng tiyang sanes, wonten ing gesangipun tiyang menika boten dipunajeni
ugi dening tiyang sanesipun. Panaliten menika manggihaken wujudipun piwulang moral dhateng
tiyang sanesipun wonten ing cakepan gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Ana Tamu.
Andharan babagan piwulang moral wonten ing cakepan gendhing
Ana Tamu
saged dipunpirsani kados wonten ing ngandhap menika.
Mangga lenggah rumiyin .
SW, 2012 : 4
Analisis konteks
nedahaken bilih cakepan wonten ing nginggil ngewrat
babagan pakurmatan dhateng tiyang sanesipun. Kanthi nggayutaken irah- irahan gendhing Ana Tamu lan data
mangga lenggah rumiyin
menika saged kawastanan bilih tiyang wonten ing gendhing menika ngurmati tamu. Tamu
ingkang badhe mertamu menika dipunkengken supados lenggah. Saking andharan menika saged dipuntegesi bilih ingkang gadhah dalem menika
ngurmati dhateng tamunipun. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut
dudutanipun bilih ngurmati dhateng tamu menika kalebet wonten ing wujudipun piwulang moral kangge paring pakurmatan dhateng tiyang
sanesipun. Manungsa ingkang ngurmati tamu menapa malih saged ndamel tamu menika bingah badhe dipunajeni ugi dening tamunipun mbokmenawi
sakwanci-waci gantosan mertamu dhateng dalemipun. Gendhing
Ana Tamu
menika ngewrat piwulang moral pakurmatan dhateng tiyang sanesipun, katitik saking cakepan
mangga lenggah rumiyin
ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti jumbuh
kaliyan kawontenan wonten ing
masyarakat
.
d. Tulung-tinulung