Lila lan legawa Wujudipun Piwulang Moral

Wayah Esuk menika ngewrat piwulang moral disiplin, katitik saking cakepan yen esuk keprungu suarane jago kluruk, perkawis mekaten saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi nggatosaken akhlak saha budi pakerti ingkang sae kangge dhirinipun piyambak.

n. Lila lan legawa

Manungsa anggenipun nglampahi gesang wonten ing donya menika kedah lila lan legawa. Lila lan legawa inggih menika ikhlas menawi badhe nglampahi tumindak menapa kemawon. Lila lan legawa saged nuwuhaken sukur dhumateng Gusti. Sedaya perkawis ingkang dipunparingaken dening Gusti menawi dipunadhepi kanthi rila lan legawa kaajab saged njalari manungsa kangge langkung sae lan berkualitas anggenipun nglampahi gesang wonten ing donya menika. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, wujudipun piwulang moral ngengingi babagan rila lan legawa menika kedah dipungadhahi dening manungsa wonten ing pagesangan menika. Panaliten menika manggihaken piwulang moral babagan rila lan legawa ingkang dipunbetahaken manungsa kangge damel sae dhateng pagesanganipun piyambak. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral rila lan legawa kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Gugur gunung. Cakepan gendhing gugur gunung ingkang ngewrat piwulang moral lila lan legawa saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Rila lan legawa kangge mulyaning Negara . SW, 2012 : 9 Cakepan gendhing wonten ing nginggil nedahaken tiyang gesang menika kedah rila lila lan legawa. Kanthi lila lan legawa menika dipunajab saged damel mulyaning Negara. Dados saking cakepan menika saged dipunwastani bilih mulyanipun Negara menika gumantung kaliyan tiyang ingkang rila lan legawa kangge nyambut damel mbangun Negara. Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih, lila lan legawa menika kedah kagadhahan dening manungsa, amargi kanthi mekaten anggenipun makarya menika saged sengkut lan gumregut. Gendhing Rila lan legawa kangge mulyaning Negara menika ngewrat piwulang moral lila lan legawa, katitik saking cakepan Rila lan legawa kangge mulyaning Negara, perkawis mekaten saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang sae kangge dhirinipun piyambak.

o. Aja Adigang Adigung Adiguna