supados ampun remen umuk wonten ing pagesanganipun saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika.
Jrabthal pelayune mari umuk mari ngece .
SW, 2012 : 95-96 Sasampunipun tiyang nglampahi tumindak
umuk
lan
ngece
sejatosipun kedah tanggel jawab dhateng sedaya tumindakipun kalawau. Ananging
wonten ing nginggil tiyang ingkang remen umuk namung saged
mlayu
. Menawi dipuntingali saking konteksipun, tiyang ingkang remen umuk
limrahipun kalebet wonten ing golongan tiyang ingkang boten gadhah sipat tanggel jawab dhateng tumindakipun, tiyang ingkang remen umuk badhe
mlayu nilar tanggel jawabipun. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, saged kapundhut
dudutanipun bilih piwulang moral ampun remen umuk menika kalebet wonten ing jinising piwulang moral gegayutanipun manungsa kaliyan dhirinipun
piyambak. Amargi ingkang mangertosi bilih wiwitan piyambakipun umuk menapa boten menika namung dhirinipun piyambak. Gendhing
Jago Kate
menika ngawrat piwulang moral
ampun remen umuk
, katitik saking cakepan
Jrabthal pelayune mari umuk mari ngece.
Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti
ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.
d. Gegayutanipun Manungsa Kaliyan Alam
1 Kedah Njagi Alam
Panaliten menika manggihaken piwulang moral ngengingi babagan njagi alam donya menika. Cakepan
gendhing dolanan saklebeting buku
anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral kedah njagi alam kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-
irahan
Kembang Mlathi.
Cakepan gendhing
Kembang Mlathi
ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados kedah njagi alam pagesangan
saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika.
Kembang mlathi yen sore disirami .
SW, 2012 : 5. Tetaneman kedahipun dipunrawat supados saged gesang kanthi sae.
Kembang Mlathi yen sore disirami
nedahaken bilih manungsa gadhah kuwajiban njagi tetaneman. Njagi tetaneman menika saged kanthi cara boten
kesupen anggenipun nyirami. Tetaneman ingkang dipunsirami kanthi runtut saged paring
imbal balik
ingkang sae dhumateng manungsa. Tuladhanipun kadosta menawi kembang mlathi sregep dipunsirami, wusananipun saged
tuwuh kanthi sae lan saged ngundhang para tawon supados dugi. Kewan
Tawon menika menawi sampun pikantuk sarining kembang lajeng damel susuh tawon. Saking susuh tawon kalawau saged dipunpanen madu ingkang
saged damel nambahi beya pagesanganipun manungsa. Menawi manungsa menika saged prigel anggenipun njagi alam, Gusti bakalipun ugi paring rejeki
dhumateng manungsa kanthi wujud asiling alam. Saking andharan kalawau saged dipunwastani bilih kedah njagi alam
kalebet wonten ing jinising piwulang moral gegayutanipun manungsa kaliyan alam. Gendhing
Kembang Mlathi
menika ngawrat piwulang moral kedah njagi alam, katitik saking cakepan
kembang mlathi yen sore disirami.
Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti jumbuh kangge kaleresan alam.
2 Mundhut Asiling Alam Saprelune Mawon
Panaliten menika manggihaken piwulang moral supados manungsa mundhut asiling alam saprelune mawon. Cakepan
gendhing dolanan saklebeting buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken
wigatinipun piwulang moral mundhut asiling alam saprelune mawon kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Kembang Jagung.
Cakepan gendhing
Kembang Jagung
ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados mundhut asiling alam saprelune mawon
saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika.
Methik Kembang Soka dicaoske Kanjeng Rama .
SW, 2012 : 49. Cakepan wonten ing nginggil nedahaken wonten salah satunggaling
tiyang ingkang
methik Kembang Soka
kangge
dicaoske
dhateng
Kanjeng Rama
nipun. Tiyang menika namung methik kembang soka ingkang gadhah khasiat kangge Kanjeng Ramanipun lan boten methik kembang sanesipun.
Tiyang menika methik kembang soka amargi wonten ancasipun. Methik kembang utawi mundhut asiling alam sanesipun kedahipun
ningali ancasipun methik kembang menika kangge menapa saha kabetahanipun sepinten. Menawi mundhut asiling alam kanthi sakremenipun,
saged ndadosaken manungsa menika kedah nampi cilaka awujud
bencana
alam. Ngengingi perkawis mundhut asiling alam saprelune mawon menika wigati sanget kangge manungsa kaliyan alam ndadosaken perkawis menika
kalebet wonten ing jinising piwulang moral gegayutanipun manungsa kaliyan alam. Gendhing
Kembang Jagung
menika ngawrat piwulang moral
mundhut asiling alam saprelune mawon
, katitik saking cakepan
methik Kembang Soka dicaoske Kanjeng Rama.
Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti jumbuh kangge
kaleresan alam.
3. Cara Ngandharaken Piwulang Moral