Ampun Sembrana Wujudipun Piwulang Moral

manungsa wonten ing pagesanganipun kedah sabar dhateng sedaya kemawon ingkang boten jumbuh kaliyan ingkang dipunkarepaken. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih manungsa wonten ing pagesanganipun kedah sabar dhateng sedaya kemawon ingkang boten jumbuh kaliyan ingkang dipunkarepaken. Gendhing Paman Tani menika ngawrat piwulang moral sabar, katitik saking cakepan srantekna den sabar yen udan tumurun, saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

r. Ampun Sembrana

Sembrana inggih menika salah satunggaling sipating manungsa ingkang kirang weweka utawi kurang tumemen anggenipun nglampahi pagesangan menika. Manungsa kedahipun nebihi sembrana menika, amargi menawi sampun dipungadhahi boten gampil dipunicali kebiasaan . Tiyang ingkang remen sembrana wonten ing pagesanganipun saged damel bebaya dhirinipun piyambak lan tiyang sanesipun. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil, manungsa kedahipun ampun sembrana anggenipun nglampahi pagesangan. Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral supados manungsa ampun sembrana anggenipun nglampahi pagesangan. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral ampun sembrana kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Ima-ima. Cakepan gendhing Ima-ima ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados ampun sembrana wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Rujak pace jo sembrono . SW, 2012 : 31-32 Konteks rujak pace menika negesi kaliyan sedaya kemawon ingkang ndadosaken raosipun manungsa menika boten sekecapait. Amargi pace menika salahsatunggalipun jinis woh-wohan ingkang raosipun boten sekeca, menapa malih menawi dipunrujak. Lajeng jo sembrana ngemu teges bilih manungsa menika anggenipun nglampahi pagesangan kedahipun saged nebihi sembrana. Menawi kekalih teges menika kalawau dipungayutaken saged kaandharaken bilih sembrana menika saged ndadosaken raosipun manungsa menika boten sekeca. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun, bilih manungsa wonten ing donya menika kedah nebihi sembrana. Amargi menawi sampun dipungadhahi, boten gampil dipunicali. Tiyang ingkang remen sembrana wonten ing pagesanganipun saged damel bebaya dhirinipun piyambak lan tiyang sanesipun. Gendhing Ima-ima menika ngawrat piwulang moral ampun sembrana, katitik saking cakepan rujak pace jo sembrono, saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

s. Satriya