Adigang Adigung Adiguna, Sengkut Makarya, Sabar, Ampun Sembrana, Satriya, Empan Papan, Remen Reresik, Ampun Remen Tumindak Culika,
Sapa Nandur Bakal Ngundhuh, Dados Tiyang Ampun Kesed, Ampun Remen Duka, Prasaja, Bekti dhateng tiyang sepuh, Ampun Remen Paring Patuladhan
ingkang Awon, Ngajeni Panguwasa, Kepemimpinan, Ampun Remen Umuk, Kedah Njagi Alam lan Mundhut Asiling Alam Sa prelune Mawon
. Saking ningali data-data babagan wujudipun piwulang moral wonten ing nginggil,
badhe kaandharaken data ingkang sampun kapanggihaken kadosta wonten ing ngandhap menika.
a. Bekti Dhumateng Gusti
Manungsa minangka
makhluk
ingkang karipta dening Gusti gadhah kuwajiban bekti dhumateng Gusti. Bekti dhumateng Gusti menika kangge
ndadosaken manungsa manunggal kaliyan Gusti. Salah satunggaling cara anggenipun manungsa beti dhumateng Gusti kanthi ngibadah.
Panaliten menika manggihaken data babagan piwulang moral kanthi wujud bekti dhumateng Gusti ingkang andharanipun saged dipuntingali
kadosta wonten ing ngandhap menika. Buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo ngawrat piwulang moral babagan bekti dhumateng
Gusti ingkang wonten ing cakepan gendhing kanthi irah-irahan
Cep Menenga
. Data ingkang kapanggihaken saking cakepan
gendhing saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika.
Padha mujiya kalis sakehing godha.
SW, 2012 : 2-3
Konteks
data wonten ing data panaliten
padha mujiya kalis sakehing godha
menika ngandharaken bilih manungsa gesang menika dipunemutaken bilih kedah
padha mujiya
.
Padha mujiya
menika saged dipunandharaken bilih manungsa menika kedah memuji dhumateng Gusti ingkang sampun ngripta
lan paring rejeki. Memuji dhateng Gusti menika minangka kuwajiban manungsa wonten ing donya menika.
Saking ningali data panaliten ing nginggil saged dipunpanggihaken dudutan bilih kanthi muji dhateng Gusti, manungsa saged
kalis sakehing godha.
Kalis sakehing godha saged kawastanan bilih manungsa ingkang tansah paring pepuji dhumateng Gusti menika saged kalis saking sakathah-
kathahipun godha ingkang wonten ing ndonya menika. Pagodhan wonten ing donya menika saged ndadosaken margi lurus ingkang kedahipun
dipunlampahi dening manungsa menika saged ewah, satemah manungsa saged nemahi memala. Kanthi mujiya dhumateng Gusti, manungsa dipunajab saged
wilujeng saking sakehing godha wonten ing donya menika, amargi manungsa tansah emut dhumateng Gusti wonten ing pundi papan. Gendhing
Cep Menenga
menika ngewrat piwulang moral bekti dhumateng Gusti katitik saking cakepan
padha mujiya
amargi saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang jumbuh kaliyan
kersaning Gusti.
b. Narima Kersaning Gusti