nginggil, badhe kaandharaken data ingkang sampun kapanggihaken kadosta wonten ing ngandhap menika.
a. Gegayutanipun Manungsa kaliyan Gusti
Manungsa minangka
makhluk
paling sampurna ingkang dipunripta dening Gusti gadhah kuwajiban kedah ngibadah lan
syukur
dhateng sedaya kemawon ingkang dipunparingaken dening Gusti. Sasampunipun ngayahi
panaliten kanthi wujud tabel data, panaliten menika manggihaken 2 jinising piwulang moral ingkang ngandharaken gegayutanipun manungsa kaliyan
Gusti, inggih menika bekti dhumateng Gusti lan narima kersaning Gusti. Andharaan babagan 2 piwulang moral manungsa dhateng gusti menika saged
dipunandharaken kados wonten ing ngandhap menika.
1 Bekti Dhumateng Gusti
Panaliten menika manggihaken data babagan piwulang moral kanthi wujud bekti dhumateng Gusti. Andharanipun saged dipuntingali kadosta
wonten ing ngandhap menika.
Padha mujiya kalis sakehing godha .
SW, 2012 : 2-3. Data panaliten awujud cakepan gendhing menika dipunpanggihaken
wonten ing satunggalipun gatra gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Cep menenga
.
Konteks
data wonten ing data panaliten
padha mujiya kalis sakehing godha
menika ngandharaken manungsa gesang menika kedah emut kanthi
padha mujiya
. Wonten ing mriki
padha mujiya
menika saged dipunandharaken bilih manungsa menika kedah muji dhateng Gusti ingkang
sampun ngripta lan paring rejeki. Muji dhateng Gusti menika minangka
kuwajiban manungsa gesang wonten ing donya. Kadosta saged dipunpirsani saking data panaliten ing nginggil, kanthi muji dhateng Gusti, manungsa
saged
kalis sakehing godha.
Kalis sakehing godha saged kawastanan bilih manungsa ingkang tansah paring pepuji dhumateng Gusti menika saged kalis
saking sakathahipun godha ingkang wonten ing ndonya menika. Pagodha wonten ing donya menika saged ndadosaken margi lurus ingkang kedahipun
dipunlampahi dening manungsa ewah. Kanthi mujiya dhumateng Gusti, manungsa dipunajab saged wilujeng saking sakathahing godha, amargi
manungsa tansah emut dhumateng Gusti wonten ing sapanggenan- panggenanan. Kanthi nglampahi kuwajibanipun ngabekti dhumateng Gusti,
manungsa saged pikantuk pepadhang gesangipun. Manungsa ingkang tansah mujiya dhateng Gusti saged raket dhumateng Gusti.
Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil saged kapundhut dudutanipun bilih kanthi raketing manungsa kaliyan Gusti, manungsa kaajab
tansah emut bilih Gusti menika tansah ningali sedaya tumindakipun manungsa wonten ing alam donya menika. Wigatinipun bekti dhumateng Gusti kangge
manungsa supados saged raket kaliyan Gusti, ndadosaken bekti dhumateng Gusti menika dipunlebetaken wonten ing jinising piwulang moral
gegayutanipun manungsa kaliyan Gusti. Gendhing
Cep Menenga
katitik saking cakepan
padha mujiya
ngandharaken bilih wonten ing pagesangan menawi badhe nglampahaken sipating dhiri minangka
makhlukipun
Gusti, manungsa kedah mituhu kanthi bekti dhumateng Gusti. Perkawis menika
saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti jumbuh kaliyan kersaning Gusti.
2 Narima Kersaning Gusti
Panaliten menika manggihaken wujud piwulang moral narima kersaning Gusti wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Bung-bung Legi.
Wonten ing cakepan gendhing menika, kapanggihaken data panaliten kadosta wonten ing ngandhap menika.
Kang kuwasa anjurungi mbabar miyos kakung tibane miyos putri .
SW, 2012 : 14-15.
Pratelan tembung
kang kuwasa
wonten ing mriki menika menawi dipuntingali konteksipun saged dipunwastani tiyang ingkang
ahli kandungan
, dukun bayi,
bidan
utawi
dokter
. Tembung salajengipun inggih menika
anjurungi,
tegesipun inggih menika ingkang
mendukung
utawi maringi gambaran
prediksi
babagan miyosing bayilare. Miyosing lare menika saged dipuntingali saking tembung
miyoslare kakung.
Dene ing tembe wuri ingkang miyos dede lare jalerkakung ananging estriputri, menika saged
kapanggihaken saking tembung
tibane miyos putri.
Kanthi andharan wonten ing nginggil, saged kajlentrehaken bilih sanajan
ahlidukun bayi
sampun paring
prediksi
bilih lare ingkang badhe miyos menika putra, ananging Gusti paring kersa sanes bilih ingkang paling sae menika lare putri. Minangka
manungsa mliginipun tiyang sepuhipun kedah saged narima perkawis ingkang dados kersaning Gusti kados kalawau.
Data panaliten ing nginggil nedahaken bilih manungsa kedah narima kanthi ikhlas dhateng kersaning Gusti. Manungsa wonten ing donya menika
kedah
usaha
kangge nglampahi gesangipun. Usaha ingkang dipunlampahi dening manungsa menika ugi saged paring daya pangaribawa kangge
gesangipun piyambak. Boten namung usaha, manungsa ugi kedah ngaturaken donga dhumateng Gusti. Kanthi usaha lan donga dipunajab saged damel
gesangipun menika sekeca. Ananging manungsa ugi kedah saged narima kersaning Gusti ingkang sampun dipungarisaken dening Gusti. Jodho, pati lan
anak menika salah satunggaling kersaning Gusti ingkang boten saged kaselak malih.
Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil saged kapundhut dudutanipun bilih manungsa kedah gadhah raos ingkang ikhlas supados saged
narima sedaya kersaning Gusti kalawau. Kadosta narima kersaning Gusti babagan jinis
kelamin
lare. Wigatinipun wujud piwulang moral narima kersaning Gusti kangge manungsa supados saged raket kaliyan kersaning
Gusti, ndadosaken narima kersaning Gusti menika dipunlebetaken wonten ing jinising piwulang moral gegayutanipun manungsa kaliyan Gusti. Gendhing
Bung-bung Legi
katitik saking cakepan
kang kuwasa anjurungi mbabar miyos kakung tibane miyos putri
ngandharaken bilih menawi badhe nglampahaken sipating dhiri minangka
makhlukipun
Gusti, manungsa kedah mangertos ingkang paling leres menika percaya dhateng kersaning Gusti.
b. Gegayutanipun Manungsa kaliyan Manungsa