Ana Tamu.
Andharan babagan piwulang moral wonten ing cakepan gendhing
Ana Tamu
saged dipunpirsani kados wonten ing ngandhap menika.
Mangga lenggah rumiyin .
SW, 2012 : 4
Analisis konteks
nedahaken bilih cakepan wonten ing nginggil ngewrat
babagan pakurmatan dhateng tiyang sanesipun. Kanthi nggayutaken irah- irahan gendhing Ana Tamu lan data
mangga lenggah rumiyin
menika saged kawastanan bilih tiyang wonten ing gendhing menika ngurmati tamu. Tamu
ingkang badhe mertamu menika dipunkengken supados lenggah. Saking andharan menika saged dipuntegesi bilih ingkang gadhah dalem menika
ngurmati dhateng tamunipun. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut
dudutanipun bilih ngurmati dhateng tamu menika kalebet wonten ing wujudipun piwulang moral kangge paring pakurmatan dhateng tiyang
sanesipun. Manungsa ingkang ngurmati tamu menapa malih saged ndamel tamu menika bingah badhe dipunajeni ugi dening tamunipun mbokmenawi
sakwanci-waci gantosan mertamu dhateng dalemipun. Gendhing
Ana Tamu
menika ngewrat piwulang moral pakurmatan dhateng tiyang sanesipun, katitik saking cakepan
mangga lenggah rumiyin
ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti jumbuh
kaliyan kawontenan wonten ing
masyarakat
.
d. Tulung-tinulung
Gesang bebrayan wonten ing donya menika kedah tulung-tinulung kaliyan tiyang sanesipun. Tulung tinulung wonten ing mriki mliginipun
tulung-tinulung ing kabecikan, boten dipunkeparengaken tulung-tinulung wonten ing babagan ingkang boten sae, kadosta wekdal badhe maling, mejahi
tiyang lansapanunggalanipun. Kanthi nduweni tulung-tinulung mring sesami, manungsa kaajab saged kiat anggenipun ngayahi pacoban wonten ing donya
menika. Tiyang ingkang boten remen tulung-tinulung menika wonten ing masyarakat limrahipun kirang dipunremeni. Menawi boten remen maringi
pitulungan dhumateng tiyang sanesipun, tiyang menika menawi gadhah ayahan boten gampil pados pitulungan ugi. Dene perkawis mekaten ingkang
njalari bilih tulung-tinulung menika saestu sanged dipunbetahaken kangge gesang bebrayan ingkang sae wonten ing ndonya menika.
Piwulang moral kanthi wujud tulung tinulung kapanggihaken wonten ing panaliten menika. Wujuding piwulang moral tulung tinulung menika
dipunpanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Gugur Gunung.
Gugur gunung menika ngemu cakepan
gendhing
ingkang andharanipun saged dipunpirsani kadosta wonten ing ngandhap menika.
Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane .
SW, 2012 : 9 Cakepan
gendhing
menika ngandharaken bilih manungsa wonten ing ndoya menika kedah
sayuk-sayuk rukun. Sayuk
wonten ing mriki menika tegesipun rukun, Dados, manungsa wonten gesang bebrayan menika kedah
rukun. Perkawis rukun wonten ing gendhing menika wigati sanget, ngantos wonten ing cakepan gendhing dipunambali ngantos tiga. Kaambalan ngantos
tiga menika nedahaken bilih rukun menika minangka pandoming urip bebrayan ingkang kedah katindakaken. Salajengipun, perangan kaping kalih
saking cakepan gendhing nedahaken bilih manungsa menika kedah
bebarengan ro kancane. Bebarengan ro kancane
menika ngemu teges bilih manungsa wonten ing ndonya menika boten saged gesang piyambak, kedah
sesarengan lan tulung-tinulung kaliyan kancanipun. Menawi kekalih perangan cakepan
gendhing menika dipundadosaken setunggal, saged kawastanan bilih manungsa wonten ing donya menika kedah rukun lan tulung-tinulung kaliyan
manungsa sanesipun. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut
dudutanipun bilih manungsa wonten ing donya menika kedah rukun lan tulung-tinulung kaliyan manungsa sanesipun. Gendhing
Gugur Gunung
menika ngewrat piwulang moral tulung-tinulung, katitik saking cakepan
bebarengan ro kancane
ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti jumbuh kaliyan
kawontenan wonten ing
masyarakat
.
e. Ndherek Nandang Raosipun Tiyang Sanes