Narima Kersaning Gusti Wujudipun Piwulang Moral

Konteks data wonten ing data panaliten padha mujiya kalis sakehing godha menika ngandharaken bilih manungsa gesang menika dipunemutaken bilih kedah padha mujiya . Padha mujiya menika saged dipunandharaken bilih manungsa menika kedah memuji dhumateng Gusti ingkang sampun ngripta lan paring rejeki. Memuji dhateng Gusti menika minangka kuwajiban manungsa wonten ing donya menika. Saking ningali data panaliten ing nginggil saged dipunpanggihaken dudutan bilih kanthi muji dhateng Gusti, manungsa saged kalis sakehing godha. Kalis sakehing godha saged kawastanan bilih manungsa ingkang tansah paring pepuji dhumateng Gusti menika saged kalis saking sakathah- kathahipun godha ingkang wonten ing ndonya menika. Pagodhan wonten ing donya menika saged ndadosaken margi lurus ingkang kedahipun dipunlampahi dening manungsa menika saged ewah, satemah manungsa saged nemahi memala. Kanthi mujiya dhumateng Gusti, manungsa dipunajab saged wilujeng saking sakehing godha wonten ing donya menika, amargi manungsa tansah emut dhumateng Gusti wonten ing pundi papan. Gendhing Cep Menenga menika ngewrat piwulang moral bekti dhumateng Gusti katitik saking cakepan padha mujiya amargi saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang jumbuh kaliyan kersaning Gusti.

b. Narima Kersaning Gusti

Saklintunipun bekti dhumateng Gusti, panaliten menika ugi manggihaken piwulang sanesipun, inggih menika narima kersaning Gusti. Narima dhateng kersaning Gusti saged kawastanan bilih manungsa menika minangka makhluk ingkang karipta dening Gusti kedah tunduk kaliyan dhawuhipun Gusti. Piwulang moral kanthi wujud narima kersaning Gusti menika kalebet wonten ing jinising piwulang moral ingkang gegayutan kaliyan Gusti. Kanthi narima kersaning Gusti manungsa dipunajab saged ikhlas lan legawa wonten ing pagesanganipun. Panaliten menika manggihaken cakepan ingkang ngawrat piwulang moral bekti dhumateng Gusti. Dene cakepanipun wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Bung-bung Legi. Wonten ing cakepan gendhing menika, kapanggihaken data panaliten kadosta wonten ing ngandhap menika. Kang kuwasa anjurungi mbabar miyos kakung tibane miyos putri. SW, 2012 : 14-15. Saking ningali data panaliten wonten ing nginggil, kapanggihaken konteks data panaliten ingkang ngandharaken bilih kang kuwasa menika saged dipunwastani inggih menika tiyang ingkang ahli kandungan , dukun bayi, dokter lan sakpanunggalanipun. Tembung salajengipun inggih menika anjurungi, wonten ing mriki anjurungi tegesipun inggih menika ingkang mendukung utawi maringi gambaran prediksi babagan miyosing bayilare. Miyosing lare menika saged dipuntingali saking tembung miyoslare kakung. Dene ing tembe wuri ingkang miyos dede lare jalerkakung ananging malah lare estriputri, menika saged kapanggihaken wonten ing wasana gatra ingkang katingal saking tembung tibane miyos putri. Kanthi andharan wonten ing nginggil, saged dipunpanggihaken dudutan bilih sanajan dukun bayi sampun paring prediksi bilih lare ingkang badhe lair menika putra, ananging Gusti kersa bilih ingkang sae menika putri. Minangka manungsa mliginipun tiyang sepuhipun, kedah saged narima perkawis ingkang dados kersaning Gusti kados kalawau. Gendhing Bung-bung Legi menika ngewrat piwulang moral narima kersaning Gusti katitik saking tibane miyos putri, perkawis menika negesaken bilih manungsa menika namung saged usaha, ananging Gusti ingkang nemtokaken. Perkawis bilih namung Gusti ingkang saged nemtokaken saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kedah dipundhasari kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang tansah narima kaliyan kersaning Gusti.

c. Pakurmatan Dhateng Tiyang Sanesipun