Empan Papan Wujudipun Piwulang Moral

sangajengipun. Wigatinipun sipat satriya kangge tiyang kangge ngadhepi perkawis utawi pacoban wonten ing donya menika ndadosaken sipat menika kedah dipungadhahi dening manungsa. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih sipat satriya menika wigati kangge dhirinipun manungsa piyambak kangge ngadhepi perkawis utawi pacoban wonten ing donya menika. Gendhing Kembang Jagung menika ngawrat piwulang moral satriya, katitik saking cakepan iki lho dhadha satriya iki lho dhadha Janaka, saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

t. Empan Papan

Empan papan inggih menika saged mangertos lan manggenaken dhirinipun wonten ing kahanan tartamtu. Empan papan menika menawi wonten ing istilah ilmiah saged dipunwastani sami kaliyan adaptasi. Tiyang ingkang ngetrepaken empan papan wonten ing pagesanganipun langkung saged dipunkurmati dening tiyang sanesipun. Amargi tiyang ingkang empan papan wonten ing pagesanganipun tansah ngatos-ngatos menawi badhe tumindak tartamtu. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, manungsa kedahipun saged empan papan anggenipun nglampahi pagesangan. Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral supados manungsa saged empan papan anggenipun nglampahi pagesangan. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral empan papan kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Anti-anti. Cakepan gendhing Anti-anti ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados empan papan wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Ora lali kelesedan turu njogan ngalih longan . SW, 2012 : 43 Tiyang menika limrahipun remen sumene menawi sampun ngayahi jejibahan wonten ing pagesanganipun. Ananging kedah ngemut menawi badhe sumene kadosta pethilan tembung ora lali kelesedan. Ora lali kelesedan menika nedahaken bilih tiyang menika ampun kesupen sumene. Pethilan ukara salajengipun turu njogan ngalih longan negesi bilih tiyang menika boten pikantuk tilem wonten ing njogan utawi ruang tamu, Langkung sae bilih menawi badhe tilem menika wonten ing panggenanipun, inggih menika wonten ing longan utawi kamar kangge tilem. Dudutanipun saking wosing cakepan gendhing ing nginggil tiyang menika kedah empan papan, mangertos menawi badhe tilem menika boten ing ruang tamu ananging kedah wonten ing kamar kangge sare. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil saged kapethik dudutanipun bilih manungsa kedahipun saged empan papan anggenipun nglampahi pagesangan satemah saged ngrampungaken perkawis kanthi leres. Gendhing Anti-anti menika ngawrat piwulang moral ampun empan papan, katitik saking cakepan ora lali kelesedan turu njogan ngalih longan, ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

u. Remen Reresik