Pirantining Panaliten Cara Nganalisis Data

ngandharaken piwulang moral wonten ing Buku Gendhing-gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo ingkang kacithak dening penerbit CV. Cendrawasih ingkang manggen wonten ing Sukoharjo-Surakarta taun 2012.

D. Pirantining Panaliten

Panaliten menika ngginakaken human instrument utawi paneliti piyambak. Endraswara 2004:5 ngandharaken bilih paneliti inggih menika salah satunggaling instrument kunci ingkang badhe maos kanthi wigati ngengingi karya sastra. Paneliti anggenipun nliti menika kabiyantu dening kertu data. Endraswara 2011 : 103 ngandharaken bilih data ingkang sampun cumawis saha kathah menika boten terstruktur , pramila panaliti prelu ngempalaken data ngginakaken kertu-kertu alit. Kertu data kagungan fungsi kangge nyerat data ingkang relevan kaliyan panaliten menika. Konsep panaliten dipunserat wonten ing jinising kertu data ingkang sami. Proses menika kalampahan kangge menyeleksi lan mengklarifikasi data miturut jinis-jinisipun. Kertu data menika ancasipun kangge nyerat data panaliten babagan piwulang moral ingkang wonten ing Buku Gendhing-gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo ingkang kacithak dening penerbit CV. Cendrawasih ingkang manggen wonten ing Sukoharjo- Surakarta taun 2012. Kertu data panaliten kangge nyerat data menika wujudipun saged dipuntingali kadosta wonten ing ngandhap menika. Tabel. 1. Kertu Data Wujudipun Piwulang Moral No. Judul Gendhing Dolanan Data Kaca Wujudipun Piwulang Moral 1 Cep Menenga Padha mujiya kalis sakehing godha 2 - 3 Bekti Dhumateng Gusti

E. Cara Nganalisis Data

Cara anggenipun nganalasis data menika ngangge analisis data deskriptif . Data dipunpantha miturut jinising piwulang moral, wujudipun piwulang moral lan cara ngandharaken piwulang moral. Sasampunipun dipunpantha-pantha, data lajeng dipunanalisis dening paneliti miturut pamanggihipun paneliti kanthi adhedhasar saking teori landasan. Salajengipun, paneliti ndamel dudutan asilipun panaliten kanthi adhedhasar saking jinisipun, wujudipun lan cara ngandharaken piwulang menika kalawau. .Tabel 2. Jinising Piwulang Moral No. Judul Gendhing Dolanan Kaca Wujudipun Piwulang Moral Jinising Piwulang Moral 1. Cublak-cublak Suweng 20-22 Ndherek Nandang Raosipun Tiyang Sanes Gegayutanipun Manungsa kaliyan Manungsa Tabel 3 : Cara Ngandharaken Piwulang Moral No. Judul Gendhing Kaca Data Jinising Piwulang Moral Wujudipun Piwulang Moral Cara Ngandharaken Piwulang Moral W S 1. Cep Menenga 2-3 Padha mujiya kalis sakehing godha Gegayutan ipun manungsa kaliyan Gusti Bekti Dhumateng Gusti √

F. Cara Ngesahaken Data