Luwih ala luwih ala melik darbeke liya .
SW, 2012 :46 Analisis konteks ingkang saged dipunandharaken sasampunipun ningali
cakepan gendhing wonten ing nginggil kados mekaten. Tumindak kirang
sae
luwih ala
menawi manungsa menika wonten ing pagesanganipun asring
melik
dhateng rejeki ingkang dados
darbeke liya. Darbeke liya
menika saged kawastanan melik rejeki kagunganipun tiyang sanes. Perkawis melik darbeke
liyan menika kedah dipuntilar wonten ing pagesangan. Manungsa wonten ing donya menika kedah narima dhateng rejeki ingkang dados kersaning Gusti.
Wujud piwulang moral ampun melik dhumateng darbeke liyan menika kedah kawulangaken para tiyang sepuh dhateng larenipun. Mliginipun tiyang sepuh
ingkang kaparingan rejeki bandha donya ingkang langkung sekedhik menawi dipuntandingaken kaliyan tiyang sanesipun.
Saking andharan ing nginggil saged kapethik dudutan bilih remen melik darbeke liyan menika kedah dipuntilar dening manungsa supados saged
gesang bebrayan kanthi sae kaliyan tiyang sanesipun. Gendhing
Welingku
menika ngewrat piwulang moral ampun remen melik darbeke tiyang sanes, katitik saking cakepan
luwih ala luwih ala melik darbeke liya.
Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi
akhlak saha budi pakerti dipunjumbuhaken kaliyan kawontenanipun tiyang wonten ing
masyarakat
.
i. Ampun Remen Mbeda-mbedake Mring Liyan
Manungsa gesang wonten ing ndonya menika betah sesrawungan kaliyan manungsa sanesipun. Sesrawungan kaliyan manungsa sanesipun
menika kedah dipunlandhesi kanthi raos ingkang tulus
.
Raos menika saged dipuntegesi bilih wonten ing sesrawungan manungsa boten mbeda dhateng
tiyang sanesipun. Manungsa ingkang sae menika ingkang saged kekancan kaliyan sedaya jinising tiyang. Kekancan boten perlu ningali saking pundi
asalipun, kadospundi tiyang sepuhipun, menapa kemawon titihanipun lan sapanunggalanipun.
Panaliten menika manggihaken piwulang moral kanthi wujud ampun remen mbeda-mbedakaken kaliyan tiyang sanes. Wujudipun piwulang moral
menika kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Uri- uri.
Dene cakepan ingkang ngemut babagan wujud piwulang moral ampun
remen mbeda-mbedakaken kaliyan tiyang sanes saged dipunpirsani kadosta wonten ing ngandhap menika.
Gedhe cilik padha methik .
SW, 2012 :92 Menawi dipunatingali saking konteksipun, cakepan
gendhing wonten ing nginggil ngawrat babagan bilih manungsa
gedhe
utawi
cilik
sami- sami
padha
gadhah hak kangge
methik
, boten dibeda-beda. Menawi perkawis methik ingkang sami menika dipungayutaken kaliyan pagesangan, saged
kawastanan bilih sedaya ingkang sampun usaha wonten ing pagesanganipun bakal pikantuk hak piyambak-piyambak ingkang sami, gumantung kados
pundi usahanipun. Saking andharan ing nginggil saged kapethik dudutan bilih manungsa
boten pareng mbeda kahananipun tiyang. Tiyang wonten ing ndonya menika minangka
makhluk
ingkang karipta dening Gusti, dados derajatipun menika
sami. Gendhing
Uri-uri
menika ngawrat piwulang moral ampun remen mbeda-mbedakake mring liyan, katitik saking cakepan
gedhe cilik padha methik.
Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng kangge tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang dipunjumbuhaken kaliyan
kawontenanipun tiyang sane ing
masyarakat
.
j. Ampun Remen Nlikung Liyan