Dados Tiyang Ampun Kesed Ampun Remen Duka

Aja ana kono bocah nakal negesi bilih wonten bocah nakal ingkang manggen wonten ing panggenan ingkang lepat, dene bocah ingkang nakal menika bakal manggihaken asilipun kanthi dakkepruk tompo . Perkawis menika saged dipunjumbuhaken kaliyan tiyang ingkang tumindak boten leres nakal bakalipun ngundhuh wohing tumindak ingkang sampun katindakaken. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil saged kapundhut dudutanipun bilih tiyang ingkang nandur tumindak ingkang boten leres bakalipun badhe ngundhuh wohing tumindak ingkang sampun katindakaken kalawau. Gendhing Dolanan menika ngawrat piwulang moral sapa nandur bakal ngundhuh, katitik saking cakepan Aja ana kono bocah nakal dak kepruk tompo. Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

x. Dados Tiyang Ampun Kesed

Gesang wonten ing donya ndadosaken kedah usaha ingkang mempeng menawi gadhah pepinginan damel gesangipun supados sekeca. Manungsa kedahipun ampun kesed anggenipun nglampahi pagesangan. Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral supados manungsa boten kesed anggenipun nglampahi pagesangan. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral ampun kesed kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah- irahan Bocah Kesed. Cakepan gendhing Bocah Kesed ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados ampun kesed wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Bocah kesed ing sabarang gawe kanthi klelat klelet watake . SW, 2012 : 63 Cakepan gendhing wonten ing nginggil nedahaken cirinipun bocah kesed ingkang salahsatunggalipun menika menawi nyambut damel wonten ing pagesanganipun dipuntindakaken kanthi klelat-klelet . Klelat-klelet wonten ing mriki kangge negesi dhateng tumindakipun anggenipun tandang makarya ingkang boten sarwa cepet lan leres. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil saged kapundhut dudutanipun bilih gesang wonten ing donya kedah upaya ingkang mempeng menawi gadhah pepinginan damel gesangipun supados langkung sekeca. Manungsa kedahipun ampun kesed anggenipun nglampahi pagesangan wonten ing donya menika. Gendhing Bocah Kesed menika ngawrat piwulang moral dados tiyang ampun kesed, katitik saking cakepan bocah kesed ing sabarang gawe kanthi klelat klelet watake. Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

y. Ampun Remen Duka

Duka kalebet tumindak ingkang boten sae ingkang kedah dipuntebihi dening manungsa wonten ing pagesangan menika. Duka saged damel manungsa boten saged mikir kanthi resik. Kajawi saking mekaten, remen duka ugi saged damel maneka warna peryakit kadosta hypertensi . Ningali saking kalawau, manungsa kedahipun ampun remen duka anggenipun nglampahi pagesangan. Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral ampun remen duka anggenipun nglampahi pagesangan. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral ampun remen duka kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Macan Kerah. Cakepan gendhing Macan Kerah ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados ampun remen duka wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. E aja nesu kaca 64 Pethilan cakepan wonten ing nginggil ngandharaken kangge manungsa supados ampun remen duka wonten ing pagesanganipun, dipuntingali saking pethilan tembung e aja nesu. Aja nesu menawi dipundadosaken basa jawi ragam krama dados ampun duka. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil saged kapundhut dudutanipun bilih duka saged damel manungsa boten saged mikir kanthi resik. Gendhing Macan Kerah menika ngawrat piwulang moral ampun remen duka, katitik saking cakepan E aja nesu. Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

z. Prasaja