tegesipun sami kaliyan sengkut. Dene
nyambut gawe
menika saged dipunwastani ngengingi babagan makarya ing pakaryan. Pramila saking
mekaten saged kawastanan bilih gendhing menika ngewrat wujuding piwulang moral babagan sengkut makarya.
Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih Gusti anggenipun maringi rejeki dhateng manungsa gumantung saking
anggenipun manungsa menika ngupaya lan donga. Pramila saking mekaten manungsa kedah ngupaya supados saged mindhakaken kahananipun. Upaya
ingkang katindakaken dening manungsa menika salahsatunggalipun kanthi cara sengkut makarya. Gendhing
Ledhung-ledhung
menika ngewrat piwulang moral sengkut makarya, katitik saking cakepan
wimbuh pinter nyambut gawe,
ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang sae kangge dhirinipun piyambak.
q. Sabar
Gesang wonten ing donya menika wonten mangsa kalanipun pikantuk pacoban dening Gusti, manungsa kedah nampi kanthi sabar. Sabar inggih
menika sipating manungsa kangge narima pacobaning pagesangan. Kanthi sabar menika, kaajab manungsa saged nglampahi pacoban pagesangan menika
kanthi leres. Anggenipun sabar dipunsarengi kaliyan donga. Amargi donga menika sejatosipun gadhah ancas kangge damel manungsa langkung sabar.
Kanthi ngayahi sabar lan donga, manungsa dipunajab saged mindhakaken raos sukuripun dhumateng Gusti.
Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, manungsa kedahipun saged sabar anggenipun nglampahi pagesangan. Panaliten menika
manggihaken tuladha wujudipun piwulang moral supados manungsa saged sabar anggenipun nglampahi pagesangan. Cakepan
gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken
wigatinipun piwulang moral sabar kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Paman Tani.
Cakepan gendhing
Paman Tani
ingkang ngewrat piwulang moral kangge manungsa supados sabar wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika.
Srantekna den sabar yen udan tumurun .
SW, 2012 : 28 Cakepan wonten ing nginggil negesi tiyang menika kedah sranta utawi
saranta
srantekna
lan
sabar
.
Srantekna den sabar
menika negesaken wigatinipun sabar. Tembung
srantekna
saking tembung sranta ingkang ngemu teges sabar. Srantekna saged dipuntegesi bilih manungsa kedah sabar. Dene
tembung salajengipun wonten ing cakepan gendhing,
den sabar
ingkang ngemu teges lan sabar. Kanthi ningali perkawis kalih kempalan tembung
kalawau nedahaken bilih manungsa kedah sabar lan sabar ngadhepi pacoban. Pethilan ukara salaengipun
yen udan tumurun
ngemu teges menawi jawah tumurun.
Menawi sedaya
cakepan menika
dipungandheng, saged
kaandharaken bilih manungsa menika kedah sabar lan sabar menawi nampi pacoban jawah tumurun. Jawah tumurun menika ugi saged kangge
ngandharaken sedaya babagan ingkang saged damel kuciwaning manungsa. Dados dudutanipun, cakepan wonten ing nginggil menika ngandharaken bilih
manungsa wonten ing pagesanganipun kedah sabar dhateng sedaya kemawon ingkang boten jumbuh kaliyan ingkang dipunkarepaken.
Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih manungsa wonten ing pagesanganipun kedah sabar dhateng
sedaya kemawon ingkang boten jumbuh kaliyan ingkang dipunkarepaken. Gendhing
Paman Tani
menika ngawrat piwulang moral sabar, katitik saking cakepan
srantekna den sabar yen udan tumurun,
saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres
kangge dhirinipun piyambak.
r. Ampun Sembrana