Cakepan gendhing wonten ing nginggil nedahaken tiyang gesang menika kedah
rila
lila
lan legawa.
Kanthi lila lan legawa menika dipunajab saged damel
mulyaning Negara.
Dados saking cakepan menika saged
dipunwastani bilih mulyanipun Negara menika gumantung kaliyan tiyang ingkang rila lan legawa kangge nyambut damel mbangun Negara.
Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih, lila lan legawa menika kedah kagadhahan
dening manungsa, amargi kanthi mekaten anggenipun makarya menika saged sengkut lan gumregut.
Gendhing
Rila lan legawa kangge mulyaning Negara
menika ngewrat piwulang moral lila lan legawa, katitik saking cakepan
Rila lan legawa kangge mulyaning Negara,
perkawis mekaten saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang sae
kangge dhirinipun piyambak.
o. Aja Adigang Adigung Adiguna
Manungsa anggenipun nglampahi pagesangan wonten ing donya menika kedah nebihi adigang adigung adiguna, amargi manungsa menika minangka
reriptaning Gusti ingkang gadhah kathah kekirangan. Manungsa kedah emut bilih manungsa menika dipunripta dening Gusti supados nuhoni dhateng
parentahing Gusti. Manungsa boten pikantuk ngendelake kekiyatan, kaluhuran lan kapinteranipun kangge tumindak ingkang boten sae. Manungsa kedah
ngemut bilih sedaya menika kalawau namung titipaning Gusti ingkang Murbeng Dumadi.
Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, manungsa kedahipun saged nebihi sipat adigang, adigung lan adiguna kalawau. Panaliten
menika manggihaken tuladha piwulang moral supados tebih saking sipat adigang, adigung lan adiguna. Cakepan
gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral
aja adigang, adigung lan adiguna kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan
Cohung.
Cakepan gendhing
Cohung
ingkang ngewrat piwulang moral aja adigang adigung lan adiguna saged dipunpirsani
wonten ing ngandhap menika.
Anggepe kaya pangeran .
SW, 2012 : 18 Saking cakepan gendhing wonten ing nginggil, saged kagatosaken bilih
manungsa menika boten kepareng nganggep piyambakipun menika minangka
Pangeran.
Pangeran menawi wonten ing Jawi menika salahsatunggalipun asma kangge Gusti.
Anggepe kaya pangeran
nedahaken bilih manungsa kedah emut bilih manungsa menika saderma namung reriptaning Gusti, dados boten
pareng ngendelake kekiyatan, kaluhuran lan kapinteranipun. Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun
bilih manungsa anggenipun nglampahi pagesangan wonten ing donya menika kedah tebih saking adigang adigung adiguna, amargi manungsa menika
minangka reriptaning Gusti gadhah kathah kekirangan. Gendhing
Cohung
menika ngewrat piwulang moral aja adigang adigung adiguna, katitik saking cakepan
anggepe kaya pangeran,
perkawis menika saged dados tetimbangan
pamireng anggenipun gesang kedah nebihi tumindak ingkang ala kangge dhirinipun piyambak.
p. Sengkut Makarya