u. Remen Reresik
Manungsa wonten ing donya menika saderma namung numpang Gusti. Kuwajiban tiyang ingkang numpang salah satunggalipun inggih menika
kanthi njagi donya supados resik. Reresik wonten ing mriki saged reresik babagan jiwa lan raga. Wonten salahsatunggalipun bebasan ingkang
nedahaken bilih wonten ing raga kang resik, kawontenan jiwa ingkang resik ugi. Kanthi nggatosaken perkawis kalawau, manungsa kedahipun ampun
kesupen anggenipun reresik dhateng raganipun. Raga ingkang sampun dipunparingaken
dening Gusti
menika kedah
dipunjagi kanthi
salahsatunggalipun cara inggih menika reresik. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, manungsa
kedahipun remen reresik wonten ing pagesanganipun. Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral supados manungsa remen reresik
wonten ing pagesanganipun. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku
anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun wujud piwulang moral remen reresik kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-
irahan
Lebar Nyambut Gawe.
Cakepan gendhing
Lebar Nyambut Gawe
ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados remen reresik wonten ing pagesanganipun, saged dipunpirsani wonten ing ngandhap
menika.
Lebar nyambut gawe wis resik awake .
SW, 2012 : 51
Lebar nyambut gawe
negesi bilih sampun limrahipun manungsa menika sasampunipun makarya kedahipun reresik
wis resik awake .
Tegese
sasampunipun nyambut damel manungsa kedahipun boten kesed anggenipun reresik, ananging gage kemawon ngicali sedaya rereged ingkang nemplok
wonten ing raganipun. Menawi boten gage dipunicali, rereged kalawau saged damel raga menika dipunremeni dening pernyakit.
Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, saged kapundhut dudutanipun bilih tiyang kedah enggal-enggal reresik sasampunipun nyambut
damel. Amargi menawi boten, saged ndadosaken
penyakit.
Perkawis mekaten boten saged kedadosan menawi manungsa menika remen reresik. Gendhing
Lebar Nyambut Gawe
menika ngawrat piwulang moral remen reresik, katitik saking cakepan
lebar nyambut gawe wis resik awake.
Perkawis menika saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi
pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.
v. Ampun Remen Tumindak Culika