pamireng anggenipun gesang kedah nebihi tumindak ingkang ala kangge dhirinipun piyambak.
p. Sengkut Makarya
Gusti ingkang peparing rejeki dhateng manungsa, anggenipun maringi rejeki dhateng manungsa gumantung saking anggenipun manungsa menika
ngupaya lan donga. Pramila saking mekaten manungsa kedah ngupaya supados saged mindhakaken kahananipun wonten ing pagesangan menika.
Upaya ingkang katindakaken dening manungsa menika salahsatunggalipun kanthi cara sengkut makarya. Menawi anggenipun makarya wonten ing
pagesanganipun menika kalampahaken kanthi saestu, manungsa kaajab saged nggayuh dhateng penggayuhanipun wonten ing pagesangan menika.
Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral supados sengkut anggenipun makarya. Cakepan
gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral
sengkut makarya kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah- irahan
Ledhung-ledhung.
Cakepan gendhing
ledhung-ledhung
ingkang ngewrat piwulang moral sengkut makarya kadosta wonten ing ngandhap
menika.
Wimbuh pinter nyambut gawe .
SW, 2012 : 27 Cakepan gendhing kanthi irah-irahan
Ledhung-ledhung
wonten ing nginggil negesi bilih wonten salahsatunggalipun manungsa ingkang gadhah
kaprigelan. Perkawis mekaten saged dipuntingali saking
wimbuh pinter
wonten ing babagan
nyambut gawe. Wimbuh pinter
saged dipuntegesi bilih
tegesipun sami kaliyan sengkut. Dene
nyambut gawe
menika saged dipunwastani ngengingi babagan makarya ing pakaryan. Pramila saking
mekaten saged kawastanan bilih gendhing menika ngewrat wujuding piwulang moral babagan sengkut makarya.
Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih Gusti anggenipun maringi rejeki dhateng manungsa gumantung saking
anggenipun manungsa menika ngupaya lan donga. Pramila saking mekaten manungsa kedah ngupaya supados saged mindhakaken kahananipun. Upaya
ingkang katindakaken dening manungsa menika salahsatunggalipun kanthi cara sengkut makarya. Gendhing
Ledhung-ledhung
menika ngewrat piwulang moral sengkut makarya, katitik saking cakepan
wimbuh pinter nyambut gawe,
ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang sae kangge dhirinipun piyambak.
q. Sabar