Jinising Piwulang Moral GEGARAN TEORI

moral satemah saged dipunpanggihaken wos ingkang langkung gampil dipuntampi manungsa.

D. Jinising Piwulang Moral

Salah satunggalipun perangan piwulang moral saged dipuntingali saking jinising piwulang moral. Miturut Nurgiyantoro 2007:323 jinisipun piwulang moral saged kalebet wonten ing prastawa ingkang asipat boten bebas. Jinisipun piwulang moral menika saged lumebet wonten ing prastawa gesang lan pagesangan, prastawa ingkang gadhah gegayutan kaliyan harkat lan martabat manungsa. Saking ningali andharan mekaten, saged kawastanan bilih jinising piwulang moral saged kaperang dados sekawan, saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. 1. Gegayutanipun manungsa kaliyan Gusti Hadiatmaja 2011 : 24, ngandharaken bilih wonten ing pagesangan, menawi badhe nglampahaken sipating dhiri minangka makhlukipun Gusti, manungsa kedah mangertos antawisipun eling, waspada, percaya, mituhu. Bilih manungsa menika saged anggayuh sekawan perkawis menika kalawau wonten ing pagesangan, manungsa saged manggihaken karaharjan lan saged pinuju ing kasampurnan kanthi lancar. 2. Gegayutanipun manungsa kaliyan manungsa Hadiatmaja 2011 : 35 - 36 ngandharaken bilih gegayutanipun manungsa kaliyan manungsa menika kalebet etika sosial . Pagesanganipun manungsa sampun kaatur lan kawates dening kaidah-kaidah lan norma-norma sosial ingkang sampun kasarujukan dening sedaya masyarakat ingkang gayut, lajeng dados adat wonten ing masyarakat . Masyarakat jawi menika gadhah antawisipun tata krama, sopan santun, unggah-ungguh lan tata Nagara. Wonten semboyan ingkang ngandharaken manungsa kedah berbudi bawa laksana. Tegesipun manungsa menika kedah tumindak becik dhateng manungsa sanesipun. 3. Gegayutanipun manungsa kaliyan dhirinipun piyambak Hadiatmaja 2011 : 53-55 ngandharaken manungsa ingkang saged gadhah sipat-sipat luhur mawas dhiri, budi luhur, tepa slira, mrawira, rumangsa lan ngerti ing semu saged hanggayuh janma utama, inggih menika tiyang ingkang susila . 4. Gegayutanipun manungsa kaliyan alam Hadiatmaja 2011 : 33, ngandharaken bilih tiyang jawi anggenipun paring tumindak dhateng alam kedah ngemut sesanti memayu hayuning bawana. Tegesipun manungsa anggenipun tumindak kedah ngemut bilih dipunpirsani saking sedaya makhluk, saged ingkang ghaib menapa ingkang nyata kadosta alam . Teori ingkang badhe dipunginakaken wonten ing panaliten menika teori saking Nurgiyantoro kabiyantu dening teorinipun Hadiatmaja ingkang ndadosaken jinising piwulang moral menika dados sekawan, antawisipun manungsa kaliyan Gusti, manungsa kaliyan manungsa, manungsa kaliyan dhirinipun piyambak lan manungsa kaliyan alam.

E. Cara Ngandharaken Piwulang Moral