Kanthi  ningali  andharan  wonten  ing  nginggil,  saged  dipunpundhut dudutanipun  bilih  ndherek  nandang  raos  dhateng  liyan  menika  kabetahaken
wonten  ing  masyarakat.  Dene  kejawi  kados  perkawis  wonten  ing  nginggil ingkang  ngemu  babagan  kesisahan,  ndherek  raosipun  liyan  menika  saged
katindakaken ugi wekdal remen. Kadosta bilih wonten ingkang badhe tumbas pit  enggal,  kita  kedah  ugi  saged  ngraosaken
bombong
lan  remen.  Menawi manungsa  saged  ndherek  nandang  raos  dhateng  liyan,  saged  nebihaken  sipat
ingkang boten sae, inggih menika
dengki, srei, melik
lan sanesipun. Gendhing
Cublak-cublak  Suweng
menika  ngewrat  piwulang  moral  ndherek  nandang raosipun  tiyang  sanes,  katitik  saking  cakepan
melu  kelangan
ingkang  saged dados  tetimbangan  pamireng  anggenipun  tumindak  kanthi  akhlak  saha  budi
pakerti dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan wonten ing
masyarakat
.
f. Sampun Ngantos Nyakiti Tiyang Sanes
Manungsa gesang ampun remen nglarani manahipun tiyang sanes. Boten pareng nglarani manahipun tiyang sanes menika minangka salahsatunggalipun
wujud  piwulang  moral  ingkang  dipunginakaken  kangge  njagi  raos  lan tumindak  dhateng  tiyang  sanes.  Tiyang  ingkang  boten  remen  nglarani  liyan
menika  gesangipun  saged  pikantuk  kasarasan.  Dene  kosokwangsulipun, tiyang ingkang remen nglarani liyan boten saged nemahi katentreman wonten
ing  pagesanganipun.  Piwulang  moral  sampun  ngantos  nyakiti  tiyang  sanes menika  kedahipun  dipuntularaken  tiyang  sepuh  dhumateng  para  larenipun
wiwit  taksih  timur.  Kanthi  mekaten,  lare  dipunajab  saged  njagi  raosipun tiyang sanes.
Panaliten  menika  manggihaken  wujudipun  piwulang  moral  sampun ngantos  nyakiti  tiyang  sanes.  Cakepan
saklebeting  buku  anggitanipun  Sri Widodo  ingkang ngandharaken wigatinipun  piwulang moral  sampun  ngantos
nyakiti  tiyang  sanes  menika  kapanggihaken  wonten  ing  gendhing  dolanan kanthi  irah-irahan
Jambu  Dersana
.  Piwulang  moral  sampun  ngantos  nyakiti tiyang  sanes  wonten  ing  gendhing  dolanan
Jambu  Dersana
menika  saged kaandharaken kadosta wonten ing ngandhap menika.
Jambu-jambu dresana dresanane mbok eloke .
SW, 2012 : 39 Cakepan
gendhing  wonten  ing  nginggil  ngandharaken  bilih  manungsa wonten ing ndonya menika boten angsal  remen alok dhateng liyan. Perkawis
mekaten  dipunandharaken  saking  cakepan
jambu-jambu  dresana
ingkang mawi  salah  satungaling  jinising  jambu,  wonten  ing  mrik  jambu  menika
kangge  negesi  dhateng  salah  satunggaling  manungsa.  Cakepan  salajegipun nedahaken  bilih
dresanane  mbok  eloke
.  Jambu  dresana  inggih  menika salahsatunggalipun jinis jambu ingkang gadhah werna kulit ingkang langkung
cemeng
gelap
menawi  dipuntandingaken  kaliyan  jinis  jambu  sanesipun. Wonten ing gendhing menika perangan jambu ingkang dipunalokaken inggih
babagan  dresananipun,  dresana  saged  dipuntegesi  minangka  manungsa ingkang gadhah
ciri
kulit arupi warna cemeng ingkang sejatosipun sami-sami kaliyan  kulit  sanesipun  ananging  werninipun  beda  kaliyan  tiyang  limrah,
satemah  wusananipun  dados  alokan  dening  tiyang  sanesipun.  Remen  alok dhateng tiyang menika kalebet ala, amargi saged nglarani dhateng liyan.
Kanthi  ningali  andharan  wonten  ing  nginggil  saged  dipunpundhut dudutanipun  bilih  manungsa  wonten  ing  donya  menika  sampun  ngantos
nyakiti  tiyang  sanes,  amargi  wonten  ing  pagesangan  menika  tiyang  betah srawung kaliyan tiyang  sanesipun, dene tiyang ingkang remen nglarani  liyan
saged  dipuntebihi  kaliyan  tiyang  sanesipun  wonten  ing  pagesanganipun. Gendhing
Jambu  Dersana
menika  ngewrat  piwulang  moral  sampun  ngantos nyakiti  tiyang  sanes,  katitik  saking  cakepan
dresanane  mbok  eloke
ingkang saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kedah kanthi akhlak
saha budi pakerti ingkang boten nglarani dhateng tiyang sanesipun.
g. Remen Paring Pambiyantu Kaliyan Tiyang Sanesipun