Cakepan Gendhing GEGARAN TEORI

positif saking masyarakat, satemah dipunuri-uri. Karya sastra ugi saged kawastanan inggih menika andharan babagan basa ingkang langkung padhet ngengingi informasi , sedaya perkawis ingkang boten semantis dipundadosaken semantis. Saking pamanggih wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutan bilih sastra inggih menika salah satunggaling reriptanipun manungsa ingkang arupi kreasi ananging boten awujud imitasi lan minangka refleksi panganggit ngengingi babagan gesang bebrayan, ingkang dipunjumbuhaken kaliyan daya imajinasi lan kreasi, dipunjunjung dening pengalaman lan tetingalan marang pagesanga. Sastra saged awujud karangan basa ngengingi perkawis sosial budaya, ingkang mawi wujudipun pikantuk penilaian ingkang positif saking masyarakat, satemah dipunuri-uri lan saged dados wahana saha guru sarta ngawrat babagan piwulang moral kangge manungsa. Karya sastra ingkang badhe dipuntliti wonten ing panaliten menika awujud gendhing. Gendhing kalebet salahsatunggalipun karya sastra, dados saged dipunwastani bilih gendhing ugi ngawrat piwulang moral wonten ing saklebetipun. Dene ingkang ngawrat piwulang moral inggih menika wonten ing perangan cakepan gendhing, kadosta wonten ing andharan wonten ing ngandhap menika.

B. Cakepan Gendhing

Gendhing kalebet salah satunggaling wujud karya sastra. Kanthi ningali bilih gendhing menika salah satunggalipun wujud karya sastra, gendhing ugi ngawrat piwulang moral wonten ing saklebetipun. Saking gendhing, manungsa saged manggihaken pandom kangge nglampahi pagesangan menika. Gendhing ngawrat cakepan ingkang saged dipuntingali lan dipungatosaken mawi piwulang moral. Cakepan gendhing limrahipun ngewrat tetembungan ingkang arupi pandangan pagesangan saking panganggitipun. Wonten ing pagesangan menika, gendhing menapa kemawon jinisipun, limrahipun ngginakaken cakepan kangge ngandharaken ide saking pangriptanipun supados dipunmangertosi dening pamireng. Perkawis menika sami kaliyan pamanggihipun Tambayong. Tambayong 1992:344 ngandharaken bilih cakepan menika dipuntingali saking etimologinipun, saged kawastanan bilih cakepan menika gadhah teges wujud syair ingkang dipunginakaken dening sedaya jinising gendhing. Dene wujud syair ingkang dipunginakaken wonten ing gendhing kangge ngandharaken sedaya raos wonten ing manah. Perkawis ngengingi cakepan gendhing kangge ngandharaken raos wonten ing manah menika dipunandharaken dening Depdikbub. Depdikbud 2002:678 ngandharaken bilih cakepan inggih menika salah satunggalipun karya sastra ingkang gadhah wos ngandharaken sedaya raos ingkang wonten ing manah kanthi awujud tembung wonten ing gendhing. Amargi cakepan gendhing menika minangka kangge ngandharaken sedaya raos wonten ing manah, gendhing kalebet wonten ing geguritan. Dados saged kawastanan bilih cakepan inggih menika geguritan ingkang dipungendhingaken. Bukti bilih cakepan menika kalebet wonten ing geguritan saged dipuntingali saking pangertosan geguritan miturut Pradopo wonten ing ngandhap menika. Pradopo 2009:7 ngandharaken bilih geguritan inggih menika salahsatunggalipun wujud ekspresi saking nalar ingkang ndadosaken raos medalaken imajinasi panca indra kangge ngrantam rantaman ingkang wonten wiramanipun . Saking pamanggih kalawau saged dipunandharaken bilih cakepan gendhing inggih menika geguritan ingkang dipungendhingaken. Perkawis menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Hartoko. Hartoko 1986:79, ngandharaken bilih cakepan gendhing menika kanthi cara walaka anggenipun ngandharaken lan mujudaken raos saking manahipun tiyang. Cakepan gadhah sipat ingkang utami inggih menika nada lan wirama , abtraksi kaliyan wekdal lan papan tartamtu, sarta gaya ingkang walaka ngenani marang raosipun manah saking pamireng. Saking pamanggih-pamanggih wonten ing nginggil, saged kapanggihaken dudutanipun bilih cakepan gendhing inggih menika salah satunggalipun karya sastra awujud syair babagan ekspresi saking nalar ingkang dipunginakaken dening sedaya jinising gendhing lan gadhah wos kangge ngandharaken sedaya raos ingkang wonten ing manah kanthi awujud tembung wonten ing gendhing. Salahsatunggalipun wosing gendhing minangka geguritankarya sastra inggih menika ngandhut piwulang moral.

C. Gegayutan Sastra Kaliyan Piwulang Moral