Cara Ngandharaken Piwulang Moral

E. Cara Ngandharaken Piwulang Moral

Karya sastra menika minangka sarana kangge komunikasi ingkang wujudipun lisan utawi seratan ingkang gadhah ancas kangge ngandharaken piwulang moral. Dene cara ngandharaken piwulang moral wonten kalih inggih menika cara langsung walaka saha boten langsung sinamun. Perkawis cara ngandharaken piwulang moral dados kalih perangan menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Nurgiyantoro ingkang saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. 1. Cara Walaka Miturut Nurgiyantoro 2007 : 335, wujud ngandharaken piwulang moral kanthi cara walaka inggih menika kanthi ngandharaken moral utawi wulangan dhateng pamaos kanthi cara walaka lan eksplisit . Panganggit wonten ing bab menika asipat dados guru dhateng pamaos, lajeng kanthi cara walaka paring piwulang. Cara ngandharaken mawi walaka menika saged komunikatif satemah pamaos langkung gampil anggenipun mangertos menapa ingkang dipunkajengaken. Perkawis ngengingi cara ngandharaken piwulang kanthi walaka menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Depdikbud. Miturut Depdikbud 1996 : 81, teges walaka inggih menika teges ingkang saking tembung-tembung tersurat eksplisit wonten ing geguritan. Ngemutaken malih bilih cakepan menika minangka salah satunggaling wujud geguritan. Dados ugi gadhah sipat-sipat ingkang sami. 2. Cara Sinamun Miturut Nurgiyantoro 2007 : 339, piwulang moral ingkang asipat sinamun menika namung awujud tersirat wonten ing cariyos. Kanthi mekaten saged paring daya pangaribawa dening para pamaos supados mendhet piwulang moral miturut pamaos piyambak. Amargi cakepan gendhing menika ugi kalebet wonten ing geguritan. Babagan cara ngandharaken piwulang moral sinamun menika ugi saged kapanggihaken wonten ing geguritan. Perkawis menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Luxemburg babagan geguritan. Miturut Luxemburg 1992 : 191, wonten ing geguritan kathah ingkang dipunandharaken kanthi cara sinamun. Tuturan kiasan kalebet andharan kanthi cara sinamun. Tuladhanipun ukara “A” ngawrat teges “B”, perkawis menika boten gadhah teges bilih sedaya obyek menika nyata lan wujud perkawis tartamtu gadhah teges sanes saking teges harfiah . Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, saged dipunpundhut dudutanipun bilih cara ngandharaken piwulang moral wonten ing karya sastra awujud cakepan gendhing menika wonten kalih, inggih menika kanthi cara walaka lan cara sinamun. Cara walaka inggih menika panganggit anggenipun ngandharaken piwulang moral kanthi cara blaka lan komunikatif, satemah pamaos boten madosi piyambak menapa piwulang moralipun. Dene cara sinamun inggih menika, panganggit kanthi tersirat anggenipun ngandharaken piwulang moral, satemah saged paring daya pangaribawa dening para pamaos supados mendhet piwulang moral miturut pamanggihipun pamaos piyambak. Adhedhasar andharan wonten ing nginggil, piwulang moral ingkang wonten ing gendhing dolanan, caranipun ngandharaken piwulang ngginakaken cara walaka lan sinamun. Dados wonten gendhing ingkang piwulang moralipun saged dipunpahami kanthi ningali cakepan kanthi walaka, amargi sampun tersurat , ananging wonten ugi gendhing dolanan ingkang ngandhut piwulang moral ingkang tersirat, dados pamaos kedah madosi piyambak.

F. Gendhing Dolanan